Mazmur 13:1-6

  • Ngarep-arep keslametan saka Yéhuwah

    • ”Oh Yéhuwah, nganti kapan?” (1, 2)

    • Yéhuwah apikan banget (6)

Kanggo pemimpin musik. Lagu sing digawé Daud. 13  Oh Yéhuwah, nganti kapan Njenengan lali karo aku? Nganti saklawasé? Nganti kapan Njenengan ninggalké aku?*+   Nganti kapan aku terus kuwatirLan ngrasa sedhih saben dina? Nganti kapan mungsuhku ngalahké aku?+   Oh Yéhuwah Gusti Allahku, deloken aku lan jawaben aku. Gawénen aku kuwat manèh bèn aku ora mati,*   Bèn mungsuhku ora ngomong, ”Aku wis ngalahké dhèwèké.” Aja nganti mungsuhku seneng merga aku kalah.+   Ning, aku percaya nèk Njenengan nresnani* aku.+ Atiku bakal seneng wektu Njenengan nylametké aku.+   Aku bakal nyanyi kanggo Yéhuwah, merga Dhèwèké wis apikan banget karo aku.*+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ndhelikké wajah-Mu saka aku”.
Lit.: ”Wènèhana cahaya ing mripatku bèn aku ora turu ing kematian”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wis mènèhi aku upah”.