Mazmur 27:1-14

  • Yéhuwah kuwi bèntèng sing nglindhungi uripku

    • Bersyukur wektu ndelok baité Gusti Allah (4)

    • Yéhuwah perduli senajan wong tuwa ora perduli (10)

    • ”Berharap marang Yéhuwah” (14)

Lagu sing digawé Daud. 27  Yéhuwah kuwi sing nuntun* aku+ lan nylametké aku. Aku ora wedi karo sapa waé.+ Yéhuwah kuwi kaya bèntèng sing nglindhungi uripku.+ Ora ana sing nggawé aku wedi.   Wektu wong jahat nyerang aku lan arep matèni aku,+Mungsuhku kuwi dhéwé sing bakal kesandhung lan tiba.   Senajan pasukan prajurit ngepung aku,Aku ora bakal wedi.+ Senajan mungsuhku perang nglawan aku,Aku bakal tetep percaya marang Dhèwèké.   Ana siji sing tak jaluk saka Yéhuwah,Iki sing tak péngini: Aku éntuk manggon ing omahé Yéhuwah sakjegé uripku,+Bèn aku isa ndelok nèk Yéhuwah kuwi apikanLan bèn aku isa bersyukur* wektu ndelok baité.+   Ing wektu susah, Dhèwèké bakal ndhelikké aku ing panggonané.+ Dhèwèké bakal nglindhungi aku ing panggonan rahasia ing kémahé.+ Dhèwèké bakal ndèlèhké aku ing gunung watu sing dhuwur.+   Saiki aku menang nglawan mungsuh-mungsuhku sing ngepung aku. Aku bakal mènèhi persembahan ing kémahé lan sorak-sorak merga seneng. Aku bakal nyanyi lagu pujian* kanggo Yéhuwah.   Oh Yéhuwah, tulung rungokna aku wektu aku njaluk tulung.+ Tulung mesakké aku lan jawaben aku.+   Aku éling karo préntahmu,”Golèkana Aku.” Oh Yéhuwah, aku bakal nggolèki Njenengan.+   Aja nganti Njenengan ninggalké aku.*+ Aja nolak aku, lan aja nesu karo aku. Njenengan sing nulungi aku.+ Gusti Allah sing nylametké aku, aja lali karo aku lan aja ninggalké aku. 10  Senajan bapakku lan ibuku ninggalké aku,+Yéhuwah bakal ngopèni aku.+ 11  Oh Yéhuwah, tulung ajari aku nindakké préntah-Mu,+Tuntunen aku bèn isa nindakké sing bener supaya aku dilindhungi saka mungsuh-mungsuhku. 12  Aja nyerahké aku marang mungsuh-mungsuhku,+Merga wong-wong kuwi wis nggawé tudhuhan sing ora bener marang aku+Lan ngancam arep nyilakani aku. 13  Misalé aku ora nduwé iman nèk Yéhuwah bakal apikan karo aku sakjegé uripku,+Aku ora ngerti uripku bakal piyé.* 14  Ayo padha berharap marang Yéhuwah.+ Awaké dhéwé kudu kendel lan kuwat.*+ Ayo padha berharap marang Yéhuwah.

Cathetan Ngisor

Lit.: ”madhangi”.
Utawa ”mikir tenanan”.
Utawa ”main musik”.
Lit.: ”ndhelikké wajah-Mu saka aku”.
Utawa mungkin ”Aku bener-bener nduwé iman nèk Yéhuwah bakal apikan karo aku sakjegé uripku”.
Utawa ”kuwat ati”.