Langsung mlebu

Apa Seksi Yéhuwah Ngedohi Wong sing Ora Seksi Yéhuwah Manèh?

Apa Seksi Yéhuwah Ngedohi Wong sing Ora Seksi Yéhuwah Manèh?

 Seksi Yéhuwah sing wis dibaptis, tapi ora tau mèlu nginjil utawa teka ing pertemuan ibadah ora diedohi. Malah, kami seneng mbantu meréka bèn gelem teka ing pertemuan ibadah lan semangat nginjil manèh.

 Terus, Seksi Yéhuwah sing nggawé dosa ya ora selalu ditokké saka jemaat. Sing ditokké saka jemaat kuwi mung wong-wong sing ora gelem bertobat. Kuwi cocog karo pathokan ing Alkitab, ”Singkirna wong sing jahat kuwi saka antaramu.”—1 Korintus 5:13.

 Piyé nèk ana wong lanang sing ditokké saka jemaat, tapi bojo lan anaké isih tetep Seksi Yéhuwah? Kuwi ora ana pengaruhé kanggo hubungan keluarga. Dadi, meréka tetep isa komunikasi kaya biasané. Tapi mémang dhèwèké ora isa mbahas hal-hal rohani karo bojo lan anaké.

 Wong sing ditokké saka jemaat tetep isa teka ing pertemuan ibadah. Nèk wongé gelem, dhèwèké bakal dikunjungi karo pinituwa saka jemaat. Para pinituwa bakal mbantu bèn dhèwèké isa bertobat. Nèk wis berubah lan ngupaya manut pathokané Alkitab, wong kuwi isa dadi Seksi Yéhuwah manèh.