Vidhéo sing Nggawé Ati Seneng
”Yéhuwah tenanan nggatèkaké apa sing dipikiraké para wong tuwa,” kandhané salah siji bapak ing Malaysia sing seneng banget karo sèri vidhéo animasi Dadi Kancané Yéhuwah.
Sakwisé vidhéo-vidhéo awal dirilis, Seksi-Seksi Yéhuwah wis nggawé luwih akèh sèri vidhéo animasi bab Kalèb lan keluargané. Vidhéo-vidhéoné, sing ana ing jw.org/jv kuwi, ndhidhik bocah-bocah cilik ing bab moral lan rohani. Contoné, apa alesané bocah-bocah ora éntuk nyolong lan piyé carané ndonga marang Yéhuwah.
Vidhéo sing kapisan diterjemahaké ing 131 basa. Dadi, bocah-bocah sakdonya bisa nonton vidhéoné.
Tanggepan sing Apik
Ibu sing nduwé anak lima nulis, ”Minggu wingi, aku lan bocah-bocah nampa DVD sing judhulé Dengarkan, Taati, dan Terimalah Berkat lan wis tak tonton bareng bocah-bocah nganti ping 50.”
Millie, sing umuré 12 taun lan manggon ing Inggris, nduwé mas umuré 15 taun sing jenengé Thomas. Thomas nduwé lara sindrom Down. Millie nulis, ”Mas Thomas nduwé vidhéo Kaleb ing iPad-é. Dadi, dhèwèké bisa nduduhaké vidhéo kuwi marang kanca-kanca sekolahé. Dhèwèké seneng lagu-laguné. Wektu dhèwèké nyanyèkaké lagu-lagu kuwi, swarané marahi trenyuh, nganti ana salah siji sedulur wadon sing nangis. Rasané seneng banget.”
Ava, sing ngaku yèn umuré 8 taun 9 sasi lan 25 dina, nulis, ”Kaleb karo Sofia pinter ya mulang bocah-bocah.”
Mikaylah nulis, ”Umurku 6 taun. Matur nuwun kanggo DVD Dengarkan, Taati, dan Terimalah Berkat. Aku péngin nyenengaké Yéhuwah, dadi aku péngin manut karo wong tuwaku.”
Vidhéo sing Ana Paédahé
Ana animator enom sing dudu Seksi Yéhuwah nonton vidhéo Aja Nyolong. Dhèwèké nggumun banget, kususé wektu ngerti nèk sing nggarap vidhéo kuwi mung wong sithik. Dhèwèké kandha, ”Aku kenal karo wong-wong sing gawéané ing studhio animasi, mbuh kuwi sing gedhé utawa sing cilik. Kadhang kala, aku mbayangaké piyé rasané nyambut gawé ing kana. Ning, hasil kerja mempengé mung nggawé wong-wong seneng lan ngguyu sawetara wektu. Yèn animasi duwèké Seksi-Seksi Yéhuwah béda, bisa ngowahi uripé bocah-bocah, mulang bab sing bener, lan mbantu nggawé keputusan sing apik. Gawéan kuwi aji lan mènèhi paédah sing gedhé kanggo kabèh wong.”
Kabèh wong tuwa ing sakdonya setuju banget. Ana ibu sing kandha, ”Wektu kuwi, anakku, Quinn, sing umuré isih 3 taun, lagi nonton vidhéo Menjalin Persahabatan dengan Yehuwa. Pas tekan tengah-tengahé lagu, dhèwèké ndeleng aku, terus ndèlèh tangané ing dhadhané, lan ngomong, ’Aku seneng ndelok vidhéoné, Buk.’ ”