Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aku Seneng Manut Yéhuwah (Lagu Pertemuan Gabungan Wilayah 2025)

Aku Seneng Manut Yéhuwah (Lagu Pertemuan Gabungan Wilayah 2025)

(Mazmur 40:8)

Download:

  1. 1. Yésus dadi conto ’nggo aku,

    Seneng nglakoni préntah-Mu.

    Saka ati, seneng nglayani,

    Manut sing Mbok péngini.

    Meski ana akèh sing nggodha,

    Ning Yésus tetep setya.

    Semangaté karo tékadé

    péngin terus tak tiru.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, ’ku bahagia

    isa nyenengké ati-Mu.

    Saka ati, aku ngabdi,

    Manut sing Mbok péngini.

    Oh Yéhuwah, ’ku bahagia

    isa ngluhurké jeneng-Mu.

    Saben dina, ’ku percaya.

    Aku manut préntah-Mu

    saklawasé.

  2. 2. Saiki aku wis ngrasakké

    senengé dadi abdi-Mu.

    Isa ngerti, terus martakké

    lan ngluhurké jeneng-Mu.

    Saben dina aku ngupaya,

    Aku péngin t’rus setya.

    Aku bangga dadi seksi-Mu.

    Seneng banget atiku.

    (REFREIN)

    Oh Yéhuwah, ’ku bahagia

    isa nyenengké ati-Mu.

    Saka ati, aku ngabdi,

    Manut sing Mbok péngini.

    Oh Yéhuwah, ’ku bahagia

    isa ngluhurké jeneng-Mu.

    Saben dina, ’ku percaya.

    Aku manut préntah-Mu

    saklawasé.

    Manut saklawasé.

(Deloken Mzm. 40:3, 10.)