ARTIKEL PELAJARAN 41
Nglayani Gusti Allah sing ”Mesakké” karo Awaké Dhéwé
”Yéhuwah kuwi apikan karo kabèh ciptaané, lan sipaté sing gampang mesakké kétok saka kabèh tumindaké.”—MZM. 145:9.
LAGU 44 Donga Wektu Susah Atiné
ISINÉ ARTIKEL IKI *
1. (a) Wong sing mesakké kuwi wong sing kaya piyé? (b) Nèk ngrembug sipat kuwi, awaké dhéwé isa éling perumpamaané Yésus sing endi?
WONG sing mesakké karo wong liya kuwi biasané apikan, sabar, lan ramah. Nèk ngrembug soal sipat iki, awaké dhéwé mungkin éling karo perumpamaané Yésus soal wong Samaria sing apikan. Meskipun asalé saka bangsa sing béda, tapi dhèwèké gelem ”nduduhké rasa mesakké” karo wong Yahudi sing dirampok lan digebugi. Merga ”ngrasa mesakké”, wong Samaria kuwi ngobati lukané wong Yahudi kuwi lan nggawa wong kuwi ing penginepan bèn dirawat ing kono. (Luk. 10:29-37) Saka perumpamaané Yésus kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk awaké dhéwé kudu mesakké karo wong liya. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing mesakké karo umaté. Merga sayang, Yéhuwah gelem mesakké karo awaké dhéwé saben dina.
2. Apa cara liya Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo umaté?
2 Cara liya Yéhuwah nduduhké rasa mesakké karo umaté yaiku ora ngukum utawa malah ngapura umaté sing nggawé dosa. Kuwi cocog karo sing ditulis ing Kitab Mazmur, ”[Gusti Allah] ora ngukum sesuai karo dosané awaké dhéwé.” (Mzm. 103:10) Tapi, isa waé Yéhuwah tetep ngukum umaté sing nggawé dosa sing gedhé.
3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?
3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug: Kenapa Yéhuwah gelem mesakké karo umaté? Kenapa nèk ana sing ditokké saka jemaat kuwi bukti nèk Yéhuwah mesakké karo umaté? Piyé carané awaké dhéwé isa mesakké karo wong liya? Ayo ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi siji-siji.
KENAPA YÉHUWAH GELEM MESAKKÉ KARO UMATÉ?
4. Kenapa Yéhuwah gelem mesakké karo awaké dhéwé?
4 Yéhuwah gelem mesakké merga sayang karo umaté. Rasul Paulus tau ngomong nèk Gusti Allah ”ngrasa mesakké” karo awaké dhéwé. Rasul Paulus ngomong ngono merga Yéhuwah mènèhi harapan kanggo wong-wong sing ora sampurna bèn isa munggah swarga. (Éf. 2:4-7) Ning, Yéhuwah ya mesakké karo wong-wong sing ora nduwé harapan munggah swarga. Daud tau ngomong, ”Yéhuwah kuwi apikan karo kabèh ciptaané, lan sipaté sing gampang mesakké kétok saka kabèh tumindaké.” (Mzm. 145:9) Merga sayang, Yéhuwah gelem mesakké karo awaké dhéwé.
5. Kenapa Yésus isa ngerti nèk Yéhuwah mesakké karo manungsa?
5 Yésus ngerti nèk Yéhuwah sayang banget lan mesakké karo manungsa. Sakdurungé Yésus teka ing bumi, Yésus karo Yéhuwah bareng-bareng ing swarga nganti éwonan taun. (WB. 8:30, 31) Yésus ndelok nèk Yéhuwah tetep mesakké karo manungsa meskipun manungsa kerep nggawé kesalahan. (Mzm. 78:37-42) Pas ing bumi, Yésus ya mulang wong-wong nèk Yéhuwah kuwi mesakké karo manungsa.
6. Critakna perumpamaané Yésus sing nggambarké nèk Yéhuwah mesakké karo awaké dhéwé.
6 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug perumpamaané Yésus soal anak sing ilang. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah kuwi sayang lan mesakké karo awaké dhéwé. Ing perumpamaan kuwi disebutké nèk cah lanang kuwi lunga saka omahé, terus ”ngentèk-entèkké warisané lan urip sak karepé dhéwé”. (Luk. 15:13) Tapi akhiré, dhèwèké sadhar karo kesalahané, njaluk ngapura, lan bali ing omahé bapaké. Terus bapaké piyé? Yésus kandha, ”Pas dhèwèké isih adoh, bapaké ndelok dhèwèké. Bapaké ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké.” Bapaké ora nyalahké anaké, ning malah ngrasa mesakké lan gelem ngapura. Bapaké ya seneng merga anaké gelem bali ing omahé. Mémang, cah lanang kuwi wis nggawé dosa sing gedhé. Ning merga dhèwèké sadhar karo kesalahané lan gelem berubah, akhiré bapaké gelem ngapura. Nganggo perumpamaan kuwi, Yésus sakjané lagi nggambarké Yéhuwah sing gelem ngapura wong-wong sing tenanan mertobat.—Luk. 15:17-24.
7. Merga wicaksana, Yéhuwah piyé karo umaté?
7 Yéhuwah gelem mesakké merga wicaksana. Merga dadi sumber ”kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur”, Yéhuwah isa ”gampang mesakké [lan] nindakké apa sing apik”. (Yak. 3:17) Kaya wong tuwa sing sayang karo anaké, Yéhuwah ngerti nèk Dhèwèké nduduhké rasa mesakké, umaté bakal bahagia. (Mzm. 103:13; Yés. 49:15) Yéhuwah mémang péngin kabèh ciptaané bahagia. Merga wicaksana, Yéhuwah gelem ngapura wong-wong sing mertobat, lan hasilé manungsa sing ora sampurna isa nduwé harapan urip saklawasé. Tapi, Yéhuwah ora selalu langsung ngapura wong sing nggawé dosa. Merga wicaksana, Yéhuwah tetep ngukum wong-wong sing ora mertobat.
8. Umaté Yéhuwah sing sengaja nggawé dosa lan ora mertobat kudu diapakké, lan kenapa?
8 Nèk ana umaté Yéhuwah sing sengaja nggawé dosa lan ora gelem mertobat, awaké dhéwé kudu piyé? Liwat Paulus, Yéhuwah ngongkon awaké dhéwé bèn ”mandheg bergaul” karo wong kuwi. (1 Kor. 5:11) Wong kuwi kudu ditokké saka jemaat bèn sedulur-sedulur liyané ora kena pengaruh sing èlèk lan jenengé Yéhuwah tetep diluhurké. Ning, mungkin ana sing mikir nèk wong sing nggawé dosa kuduné dimesakké lan ora perlu ditokké saka jemaat. Apa pendapat kaya ngono kuwi mémang bener?
BUKTI NÈK YÉHUWAH MESAKKÉ
9-10. Nurut Ibrani 12:5, 6, nèk ana sing ditokké saka jemaat, kenapa kuwi bukti nèk Yéhuwah mesakké karo wong kuwi? Wènèhana perumpamaan.
9 Awaké dhéwé mesthi sedhih wektu ana keluarga utawa kancané awaké dhéwé sing ditokké saka jemaat. Mungkin ana sing mikir apa wong kuwi kudu ditokké saka jemaat. Tapi sakjané, kuwi bukti nèk Yéhuwah mesakké karo wong sing nggawé dosa kuwi. Kok isa? Merga nèk Yéhuwah ora ngukum wong sing ora mertobat, kuwi berarti Yéhuwah malah ora sayang karo wong kuwi. (WB. 13:24) Tapi nèk ditokké saka jemaat, apa mémang isa nggawé wong sing dosa kuwi berubah? Isa. Buktiné, akèh wong sing mauné ditokké saka jemaat sing akhiré sadhar karo kesalahané, mertobat, lan mbalik manèh ing jemaat.—Wacanen Ibrani 12:5, 6.
10 Coba gatèkna perumpamaan iki. Pas ana domba sing lara, gembala mesthi bakal ngrawat domba kuwi bèn mari. Terus, domba kuwi mungkin ya bakal dipisahké saka domba-domba liyané. Tapi, domba kuwi kéwan sing senengané berkelompok. Dadi mesthiné, domba sing dipisahké kuwi luwih seneng nèk isa bareng karo domba-domba liyané. Nèk domba sing lara mau dipisahké saka domba-domba liyané, apa kuwi artiné gembalané jahat? Mesthiné ora, ta? Gembala kuwi ngerti nèk domba mau ora dipisahké, domba-domba liyané bakal ketularan penyakité. Dadi sakjané, gembala kuwi péngin nglindhungi domba-domba liyané sing séhat.—Bandhingna karo Kaimaman 13:3, 4.
11. (a) Kenapa domba sing dipisahké mau cocog kanggo nggambarké wong sing ditokké saka jemaat? (b) Piyé carané wong sing ditokké saka jemaat isa akrab manèh karo Yéhuwah, lan piyé carané para pinituwa mbantu dhèwèké?
11 Domba sing dipisahké mau cocog kanggo nggambarké wong sing ditokké saka jemaat. Mémang, Alkitab madhakké wong sing nggawé dosa kaya wong sing lagi lara. (Yak. 5:14) Kaya wong sing lara sing isa nulari liyané, wong sing nggawé dosa isa mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo sedulur-sedulur liyané. Mula, kadhang wong sing nggawé dosa perlu ditokké saka jemaat. Dadi, kuwi bukti katresnané Yéhuwah kanggo kabèh umaté. Sakliyané kuwi, merga ditokké saka jemaat, wong sing nggawé dosa isa waé sadhar karo kesalahané lan akhiré mertobat. Tapi meskipun ditokké saka jemaat, wong kuwi tetep éntuk teka ing pertemuan ibadah bèn isa akrab manèh karo Yéhuwah. Dhèwèké ya tetep isa nampa bacaané awaké dhéwé lan nonton JW Broadcasting®. Nèk ndelok wong kuwi wis nggawé perubahan, para pinituwa isa ngélingké dhèwèké piyé carané bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah lan mbalik ing jemaat. *
12. Merga sayang karo wong sing dosa lan sedulur-sedulur, para pinituwa bakal piyé nèk sing dosa kuwi ora mertobat?
12 Awaké dhéwé kudu éling nèk sing ditokké saka jemaat kuwi mung wong-wong sing ora gelem mertobat. Dadi, para pinituwa kudu mikirké tenanan sakdurungé nggawé keputusan kuwi. Para pinituwa ngerti nèk wong sing wis nggawé dosa kudu dihukum ”nganggo cara sing bener”. (Yér. 30:11) Mula, para pinituwa ora péngin nggawé keputusan sing nyebabké sedulur-sedulur dadi tambah adoh karo Yéhuwah. Tapi nèk wongé ora mertobat, dhèwèké ya kudu ditokké saka jemaat. Para pinituwa kaya ngono merga sayang karo wong kuwi lan sedulur-sedulur.
13. Kenapa ing Korintus ana sing kudu ditokké saka jemaat?
13 Gatèkna carané Paulus nangani masalah ing jemaat Korintus jaman mbiyèn. Wektu kuwi, ana wong lanang sing hubungan sèks karo bojoné bapaké. Kuwi dosa sing gedhé banget. Yéhuwah tau ngomong karo wong Israèl, ”Wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo bojoné bapaké wis nggawé bapaké isin. Wong loro kuwi kudu dipatèni.” (Km. 20:11) Pancèn, Paulus ora isa ngukum mati wong kuwi. Tapi, Paulus ngongkon bèn wong kuwi ditokké saka jemaat. Wong kuwi wis mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo sedulur-sedulur liyané. Akibaté, ana sing nganggep nèk kuwi dudu dosa sing gedhé.—1 Kor. 5:1, 2, 13.
14. Apa buktiné nèk Paulus mesakké karo wong Korintus sing ditokké saka jemaat, lan kenapa? (2 Korintus 2:5-8, 11)
14 Pirang-pirang sasi bar kuwi, Paulus ngerti nèk wong sing nggawé dosa mau wis tenanan mertobat. Pancèn, wong kuwi wis ngisin-isinké jemaat Korintus. Tapi, Paulus ngomong karo para pinituwa ing Korintus bèn aja ”nggawé keadaané saya ora apik”. Paulus kandha, ”Kowé kudu ngapura dhèwèké. Kowé ya kudu menghibur dhèwèké bèn dhèwèké ora nyerah merga sedhih banget.” Paulus mesakké karo wong kuwi. Dhèwèké ora péngin wong kuwi terlalu sedhih lan putus asa nganti akhiré ora gelem nglayani Yéhuwah manèh.—Wacanen 2 Korintus 2:5-8, 11.
15. Merga mesakké, para pinituwa bakal piyé karo wong sing nggawé dosa sing gedhé?
15 Merga niru Yéhuwah, para pinituwa ya mesakké karo wong-wong sing nggawé dosa sing gedhé. Mémang nèk isa, wong kuwi ora ditokké saka jemaat. Tapi nèk ora mertobat, ya dhèwèké kudu ditokké saka jemaat. Nèk ora ditokké saka jemaat, kuwi artiné para pinituwa ora mesakké merga sing nggawé dosa kuwi ora bakal sadhar karo kesalahané. Tapi, apa mung para pinituwa sing kudu mesakké karo wong-wong kuwi?
BÈN ISA MESAKKÉ KARO WONG LIYA
16. Nurut Wulang Bebasan 21:13, apa akibaté nèk ora gelem mesakké karo wong liya?
16 Kaya Yéhuwah, awaké dhéwé ya mesthi péngin mesakké karo wong liya. Ing Alkitab disebutké nèk wong ora mesakké karo wong liya, dongané ora bakal dijawab karo Yéhuwah. (Wacanen Wulang Bebasan 21:13.) Awaké dhéwé mesthi péngin dongané dijawab karo Yéhuwah, ta? Mula, awaké dhéwé kudu perduli lan mesakké karo sedulur-sedulur sing ”sambat” karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa mikirké naséhat ing Yakobus 2:13, yaiku, ”Wong sing ora nduwé rasa mesakké ora bakal dimesakké wektu diadili.” Dadi, awaké dhéwé kudu sadhar nèk awaké dhéwé ya butuh dimesakké. Nèk wis ngono, awaké dhéwé bakal gelem mesakké karo sedulur-sedulur, khususé karo sedulur-sedulur sing wis mbalik ing jemaat.
17. Apa buktiné nèk Raja Daud mesakké karo Raja Saul?
17 Ing Alkitab, ana conto-conto sing apik saka wong-wong sing mesakké karo wong liya. Contoné yaiku Daud. Wektu kuwi, Raja Saul bola-bali péngin matèni Daud. Tapi merga ngerti nèk Saul kuwi raja sing dilantik Yéhuwah, mula Daud tetep mesakké karo Saul lan ora péngin bales dendam.—1 Sam. 24:9-12, 18, 19.
18-19. Apa buktiné nèk Daud ora selalu mesakké karo wong liya?
18 Tapi, Daud ora selalu mesakké karo wong liya. Wektu kuwi, Nabal ngécé Daud lan ora gelem mènèhi panganan kanggo Daud lan anak buahé. Daud dadi nesu lan péngin matèni kabèh wong lanang sing ana ing omahé Nabal. Tapi untungé, Abigail bojoné Nabal cepet-cepet teka karo nggawa panganan kanggo Daud lan anak buahé. Dadi, Daud ora sida matèni wong-wong sing ora salah.—1 Sam. 25:9-22, 32-35.
19 Terus, Nabi Natan tau crita karo Daud soal wong sugih sing nyolong dombané wong mlarat. Bar dicritani, Daud dadi nesu banget. Terus, dhèwèké ngomong, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, wong kuwi pantes mati.” (2 Sam. 12:1-6) Nurut Hukum Musa, wong sing nyolong domba siji kuwi hukumané ngijoli nganggo domba papat, dudu dipatèni. (Pa. 22:1) Daud sakjané ngerti hukum kuwi. Dadi nèk Daud ngomong wong kuwi kudu dipatèni, kuwi berarti Daud ora mesakké karo wong kuwi. Ning sakjané, Nabi Natan nggunakké crita kuwi kanggo nduduhké nèk dosané Daud luwih gedhé timbang wong sing nyolong domba. Ora kaya Daud sing ora mesakké karo wong liya, Yéhuwah mesakké karo Daud meskipun Daud wis nggawé dosa sing gedhé.—2 Sam. 12:7-13.
20. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Daud?
20 Merga nesu, Daud péngin matèni Nabal karo kabèh wong lanang sing ana ing omahé. Terus, Daud ya ngomong nèk wong sugih ing critané Natan pantes dihukum mati. Tapi, Daud kan wong apik. Kenapa kok dhèwèké ora mesakké karo wong sugih ing critané Natan? Awaké dhéwé mesthi éling nèk sakdurungé ketemu Natan, Daud wis nggawé dosa sing gedhé. Saka kisahé Daud kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong sing ora cedhak karo Yéhuwah biasané angèl nèk mèh mesakké karo wong liya. Yésus tau ngandhani murid-muridé, ”Aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili, merga kowé bakal diadili nurut caramu ngadili.” (Mat. 7:1, 2) Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya niru Yéhuwah sing ora gampang nesu lan gelem ”mesakké” karo wong liya.
21-22. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk mesakké karo wong liya?
21 Nèk mesakké karo wong liya, awaké dhéwé ya bakal mbantu wong-wong sing mbutuhké. Awaké dhéwé isa nggatèkké apa sing dibutuhké karo keluarga, sedulur-sedulur ing jemaat, utawa kancané awaké dhéwé. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti bantuan apa sing dibutuhké. Misalé, mungkin ana sing butuh dihibur, digawakké panganan, utawa butuh bantuan liyané. Mungkin, wong sing lagi waé mbalik ing jemaat butuh kanca sing isa nyemangati. Terus, mungkin ya ana kanca utawa keluarga sing seneng nèk dicritani soal kabar apik. Nèk awaké dhéwé mbantu wong-wong kuwi, kuwi bukti nèk awaké dhéwé mesakké karo wong liya.—Ayb. 29:12, 13; Rm. 10:14, 15; Yak. 1:27.
22 Awaké dhéwé kudu perduli karo wong liya bèn isa ngerti carané mbantu wong kuwi. Nèk gelem mbantu, kuwi artiné awaké dhéwé mesakké karo wong liya. Nèk wis ngono, Yéhuwah, Gusti Allah sing ”mesakké” karo awaké dhéwé, mesthi bakal seneng.
LAGU 43 Donga Maturnuwun
^ par. 5 Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah mesakké karo umaté, lan awaké dhéwé ya kudu mesakké karo wong liya. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa Yéhuwah gelem mesakké karo umaté, kenapa nèk ana sing ditokké saka jemaat kuwi bukti nèk Yéhuwah mesakké karo umaté, lan piyé carané bèn awaké dhéwé isa mesakké karo wong liya.
^ par. 11 Bèn isa ngerti piyé carané wong sing wis mbalik ing jemaat isa akrab manèh karo Yéhuwah lan piyé carané para pinituwa mbantu dhèwèké, deloken artikel ”Cedhak Manèh karo Yéhuwah” sing ana ing halaman 14-17.