Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa ilmu pengetahuan isa nggawé umuré manungsa dadi luwih dawa?

Upayané Manungsa Bèn Isa Dawa Umuré

Upayané Manungsa Bèn Isa Dawa Umuré

”Samubarang kabèh katitahaké éndah ing wayah kang wus kapesthèkaké, malah atiné padha kaparingan kalanggengan.”​Kohèlèt 3:11.

KATA-KATA kuwi ditulis ing jaman mbiyèn karo raja sing jenengé Salomo. Kaya sing diomongké Raja Salomo kuwi, kabèh wong mesthi péngin urip terus. Ning, nyatané ora ana manungsa sing isa bébas saka kematian. Mula, kèt jaman mbiyèn, wong-wong terus nggolèk cara bèn umuré manungsa isa luwih dawa.

Misalé, ana akèh legénda sing nyritakké soal Raja Gilgames saka Sumer. Kaya sing dicritakké ing Epik Gilgames, dhèwèké tau nganakké perjalanan sing berbahaya merga péngin nemokké cara kanggo urip terus. Ning, perjalanan kuwi ora ana hasilé.

Ahli kimia jaman mbiyèn sing lagi kerja ing laboratoriumé

Kira-kira 2.400 taun kepungkur, para ahli kimia ing Cina ngracik ramuan sing dipercaya isa nggawé manungsa urip terus. Ing njeroné ramuan kuwi ana arsenik lan merkuriné. Akèh sing percaya nèk ana kaisar-kaisar Cina sing akhiré malah mati gara-gara ngombé ramuan kuwi. Ing antarané taun 500 nganti 1.500 M, para ahli kimia ing Eropa nggolèk cara bèn emas isa dipangan manungsa. Para ahli kuwi percaya nèk bahan sing ana ing njeroné emas isa nggawé umuré manungsa dadi luwih dawa.

Saiki, para ahli biologi lan ahli gènètika ya nggawé penelitian-penelitian bèn isa ngerti apa sebabé manungsa dadi tuwa. Kabèh sing diupayakké para ilmuwan kuwi mbuktèkké nèk manungsa pancèn ora péngin dadi tuwa lan mati. Ning, penelitian-penelitian kuwi hasilé apa?

’ATINÉ PADHA DIPARINGI KALANGGÈNGAN’ KARO GUSTI ALLAH.​—KOHÈLÈT 3:11

HASIL PENELITIANÉ PARA AHLI

Ana luwih saka 300 téori sing ditemokké karo para ilmuwan sing nliti sèl-sèlé manungsa. Para ilmuwan kuwi péngin ngerti apa sebabé manungsa isa dadi tuwa lan mati. Para ahli biologi molekular wis berhasil ngowahi sèl-sèlé manungsa lan kéwan bèn sèl-sèl kuwi ora cepet mati. Terus, ana wong-wong sugih sing nyumbangké dhuwité bèn para ahli isa nggawé penelitian-penelitian manèh. Apa waé sing wis ditindakké karo para ahli kuwi?

Ngupaya bèn sèlé manungsa ora cepet mati. Wektu sèlé manungsa membelah diri, bagéan ujungé kromosom sing disebut télomèr dadi saya cendhak. Télomèr kuwi fungsiné kanggo nglindhungi informasi gènètik sing ana ing njero sèl wektu sèl kuwi membelah diri. Nèk télomèré dadi saya cendhak, suwé-suwé sèlé ora isa membelah diri manèh lan akhiré mati. Ana para ahli biologi sing nganggep nèk prosès kuwi sing nyebabké manungsa isa dadi tuwa.

Salah siji ilmuwan sing éntuk hadiah Nobel ing taun 2009, yaiku Elizabeth Blackburn, tau nggawé penelitian bareng karo para ilmuwan liyané. Saka penelitian kuwi, ditemokké ènzim sing isa nggawé télomèr ora dadi cepet cendhak. Dadi, sèl-sèlé ya ora cepet mati. Ning, nurut penelitian kuwi, ”umuré manungsa tetep ora isa digawé dadi luwih dawa” senajan télomèré wis digawé bèn ora cepet cendhak.

Nyetèl ulang sèl-sèlé manungsa. Sèl-sèl sing ora isa membelah diri manèh ana pengaruhé kanggo sistem kekebalan tubuhé manungsa. Akhiré, ana bagéan-bagéan tubuh sing ora isa berfungsi normal, ngalami peradangan, lan kena penyakit. Para ilmuwan ing Prancis wis tau nyetèl ulang sèl-sèl sing dijupuk saka wong-wong sing umuré luwih saka 100 taun. Hasilé, sèl-sèl kuwi isa membelah diri manèh. Ketuané tim penelitian kuwi, yaiku Profésor Jean-Marc Lemaître, nganggep nèk cara iki isa dadi solusi bèn manungsa ora cepet tuwa.

APA UMURÉ MANUNGSA PANCÈN ISA DIGAWÉ LUWIH DAWA?

Senajan wis ana akèh penelitian sing diupayakké bèn manungsa ora cepet tuwa, ning ana akèh ilmuwan sing kandha nèk manungsa tetep bakalé dadi tuwa lan mati. Pancèn, saiki wis ana obat-obatan kanggo nambani lan nyegah penyakit. Wong-wong ya padha luwih nggatèkké soal kebersihan. Dadi, wong-wong saiki kaya-kayané isa luwih séhat. Ning, ana para ahli gènètika sing ngomong nèk umuré manungsa ya tetep ora isa digawé luwih dawa manèh.

Kira-kira 3.500 taun kepungkur, penulis Alkitab sing jenengé Musa kandha, ”Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, déné manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggènipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.” (Jabur 90:10) Senajan manungsa wis ngupaya bèn umuré isa luwih dawa, ning kaya sing wis dijelaské Musa, umuré manungsa tetep ana batesé.

Umuré manungsa kétoké mung cendhak banget, padahal ana kéwan sing umuré luwih saka 200 taun lan ana wit sing isa urip éwonan taun. Dadi, awaké dhéwé mesthi péngin ngerti, ’Apa uripé manungsa pancèn mung nganti 70 utawa 80 taun thok?’