Urip Langgeng ing Bumi
IKI HARAPAN SING APIK BANGET. Gusti Allah janji nèk manungsa isa urip saklawasé ing bumi, ning akèh sing ora percaya. Wong-wong kandha, ’Kabèh wong mesthi bakalé mati lan kuwi wis lumrah.’ Ana uga sing percaya nèk kita bakal urip saklawasé ing swarga sakwisé mati. Piyé nurut panjenengan?
Ayo dirembug dhisik jawabané Alkitab saka telung pitakonan iki: Apa sing isa kita ngertèni bab masa depan saka carané manungsa digawé? Apa kersané Gusti Allah sing saktenané kanggo bumi lan manungsa? Apa sebabé manungsa mati?
MANUNGSA CIPTAAN SING UNIK
Saka kabèh ciptaané Gusti Allah ing bumi, manungsa kuwi sing paling unik. Kok isa? Alkitab nduduhké nèk manungsa diciptakké ’mirib gambar lan pasemoné’ Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:26, 27) Kuwi maksudé manungsa duwé sipat lan perasaan sing padha kaya Gusti Allah, contoné tresna lan adil.
Sakliyané kuwi, manungsa diwènèhi kemampuan kanggo mikir lan isa nggawé keputusan. Manungsa isa mbédakké bab sing apik lan sing èlèk uga nduwé kepénginan kanggo nyedhak marang Gusti Allah. Mula, kita ngrasa seneng wektu ndelok ciptaané Gusti Allah, ndelok karya seni, lan ngrungokké musik. Ning, sing paling penting manungsa isa ngabdi marang Gusti Allah. Kuwi sing mbédakké manungsa saka ciptaan-ciptaan liyané ing bumi.
Coba dipikirké: Gusti Allah mènèhi kemampuan marang manungsa sing isa terus digunakké tanpa ana watesé. Terus, apa gunané Gusti Allah mènèhi kuwi nèk umuré manungsa mung 80 utawa 90 taun? Sakjané Gusti Allah kepéngin manungsa urip bungah ing bumi nganti saklawasé.
KERSANÉ GUSTI ALLAH
Akèh sing nganggep nèk Gusti Allah nggawé manungsa ora kanggo urip saklawasé ing bumi. Wong-wong kuwi nganggep nèk urip ing bumi kuwi mung sementara utawa mung mampir ngombé. Bumi dianggep panggonan kanggo nguji manungsa, kira-kira isa mlebu swarga apa ora. Nèk kuwi pancèn bener, wong-wong isa nganggep nèk Gusti Allah sing nyebabké kabèh kejahatan ing bumi. Padahal Gusti Allah ora mungkin kaya ngono. Alkitab kandha nèk Gusti Allah kuwi ”setya-tuhu, Pangandharing Torèt 32:4.
ora ana kaculikané, Panjenengané iku bener lan adil”.—Alkitab njelaské apa kersané Gusti Allah sing saktenané kanggo bumi. Alkitab kandha, ”Langit iku langit kagunganing Sang Yéhuwah, déné bumi wus diparingaké marang para anaking manungsa.” (Jabur 115:16) Dadi, bumi sing éndah iki digawé Gusti Allah kanggo manungsa lan bakal ana kanggo saklawasé. Gusti Allah nggawé bumi sak isiné bèn manungsa isa urip bungah sakterusé.—Purwaning Dumadi 2:8, 9.
”Langit iku langit kagunganing Sang Yéhuwah, déné bumi wus diparingaké marang para anaking manungsa.”—Jabur 115:16
Alkitab uga njelaské apa kersané Gusti Allah sing saktenané kanggo manungsa. Gusti Allah kandha marang Adam lan Hawa, ’Ngebakana bumi lan telukna. Sakabèhing sato-kéwan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.’ (Purwaning Dumadi 1:28) Wong loro kuwi éntuk tugas sing istiméwa kanggo ngrawat panggonané, nganti saklumahing bumi dadi Firdaus, yaiku taman sing éndah. Gusti Allah kepéngin Adam, Hawa, lan keturunané urip saklawasé ing bumi, dudu ing swarga.
APA SEBABÉ KITA MATI?
Apa sebabé manungsa mati? Alkitab njelaské nèk ana malaékat sing akhiré mbrontak lan disebut Sétan si Iblis, sing ngupaya ngalang-ngalangi kersané Gusti Allah. Apa sing ditindakké Sétan?
Sétan nggodha Adam lan Hawa bèn ora manut marang Gusti Allah. Sétan nudhuh Gusti Allah ndhelikké bab-bab sing apik saka manungsa yaiku hak kanggo mutuské dhéwé apa sing apik lan sing èlèk. Adam lan Hawa pilih ndhukung Sétan lan nglawan Gusti Allah. Akibaté, Adam lan Hawa mati persis kaya sing dikandhakké Gusti Allah. Adam lan Hawa kélangan kesempatan kanggo urip saklawasé ing Firdaus ing bumi.—Purwaning Dumadi 2:17; 3:1-6; 5:5.
Apa sing ditindakké Adam lan Hawa kuwi ana pengaruhé nganti saiki. Alkitab kandha, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan pati mlebu liwat dosa, pati nyebar marang kabèh wong merga kabèh wong wis dosa.” (Roma 5:12) Kita mati merga éntuk warisan dosa saka Adam lan Hawa, dudu merga ditakdirké Gusti Allah.
PANJENENGAN ISA URIP SAKLAWASÉ ING BUMI
Kedadéan sing ana ing taman Èden ora isa ngalang-ngalangi kersané Gusti Allah kanggo manungsa lan bumi. Merga rasa tresna lan adilé sing sampurna, Gusti Allah langsung nyedhiakké cara kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan pati. Rasul Paulus njelaské, ”Opahé dosa kuwi pati, nanging anugrahé Gusti Allah kuwi urip saklawasé liwat Kristus Yésus, Gusti kita.” (Roma 6:23) Gusti Allah uga ”maringké Putra siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Putrané ora disirnakké nanging éntuk urip saklawasé”. (Yohanes 3:16) Yésus dhéwé uga lila dadi kurban tebusan bèn manungsa isa ngrasakké urip sampurna kaya sing diilangké Adam mbiyèn. a
Ora suwé manèh, kersané Gusti Allah kanggo bumi firdaus bakal kelakon. Panjenengan isa manggon ing bumi firdaus nèk manut arahané Yésus, ”Mlebua liwat gerbang sing sempit, merga gerbang sing amba lan dalan sing jembar kuwi ngarah menyang pati, lan akèh wong sing liwat gerbang kuwi. Nanging, gerbang sing sempit lan dalan sing ciyut kuwi ngarah menyang urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.” (Matius 7:13, 14) Dadi, keputusan sing panjenengan gawé kuwi ana pengaruhé kanggo masa depané panjenengan. Apa sing bakal panjenengan tindakké?
a Bèn ngerti luwih akèh soal manfaaté tebusan, deloken Pelajaran 27 saka buku Bahagia Saklawasé, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah. Buku iki ya ana ing www.jw.org/jv.