Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 28

Tetep Rukun karo Sedulur-Sedulur lan Aja Seneng Saingan

Tetep Rukun karo Sedulur-Sedulur lan Aja Seneng Saingan

”Aja nganti awaké dhéwé sombong, saingan, utawa iri karo liyané.”​—GAL. 5:26.

LAGU 101 Rukun Anggoné Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa buktiné nèk wong-wong saiki seneng saingan?

SAIKI, akèh wong sing seneng saingan. Contoné, wong sing dodolan mungkin nggunakké cara sing licik bèn barang dagangané wong liya dadi ora payu. Terus, mungkin ana atlét sing sengaja nggawé lawané cedera bèn dhèwèké isa menang. Sakliyané kuwi, ya ana murid sing nyonto pas ujian bèn dhèwèké isa mlebu ing universitas sing terkenal. Awaké dhéwé ngerti nèk nurut Alkitab kuwi kabèh termasuk ”tumindak saka kepénginan sing salah”. (Gal. 5:19-21) Ning, mungkin ana sedulur-sedulur sing ora sadhar nèk jebulé seneng saingan, lan kuwi nggawé jemaat dadi ora rukun. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora seneng saingan.

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug sipat apa waé sing isa nyebabké awaké dhéwé dadi seneng saingan. Terus, awaké dhéwé ya bakal nggatèkké contoné abdiné Yéhuwah ing jaman mbiyèn sing ora seneng saingan lan tetep rendah hati. Saiki, ayo ngrembug sik piyé carané bèn isa ngerti nèk awaké dhéwé kuwi seneng saingan utawa ora.

MRIKSA ALESANÉ AWAKÉ DHÉWÉ NGLAYANI YÉHUWAH

3. Apa waé sing isa awaké dhéwé pikirké?

3 Awaké dhéwé kudu kerep mikirké kenapa kok gelem nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé mungkin isa mikirké iki, ’Apa aku seneng mbandhingké awakku dhéwé karo sedulur liya? Nèk aku tenanan pas éntuk tugas ing jemaat, apa kuwi merga aku péngin dipuji lan kétok luwih hébat ketimbang liyané utawa merga péngin nyenengké Yéhuwah?’ Kenapa awaké dhéwé kudu mikirké soal kuwi? Coba gatèkna apa sing disebutké ing Alkitab.

4. Apa akibaté nèk seneng mbandhingké karo wong liya? (Galatia 6:3, 4)

4 Nurut Alkitab, awaké dhéwé ora perlu mbandhingké awaké dhéwé karo wong liya. (Wacanen Galatia 6:3, 4.) Nèk seneng mbandhingké, awaké dhéwé isa ngrasa luwih unggul timbang liyané lan akhiré dadi sombong. Tapi, kuwi ya isa nggawé awaké dhéwé cilik ati merga ngrasa nèk wong liya luwih hébat timbang awaké dhéwé. Pandhangan kaya ngono kuwi padha-padha ora bener. (Rm. 12:3) Sedulur Katerina * saka Yunani kandha, ”Mbiyèn, aku kerep mbandhingké awakku dhéwé karo sedulur-sedulur liya sing luwih ayu, luwih pinter nginjil, utawa sing kancané luwih akèh. Kuwi nggawé aku dadi sedhih.” Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah narik awaké dhéwé dadi umaté dudu merga awaké dhéwé ayu, pinter ngomong, utawa kancané akèh. Yéhuwah narik awaké dhéwé merga awaké dhéwé sayang karo Dhèwèké lan gelem manut karo Yésus.​—Yoh. 6:44; 1 Kor. 1:26-31.

5. Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Hyun?

5 Awaké dhéwé ya isa mikirké soal iki, ’Apa sedulur-sedulur nganggep aku iki wong sing seneng ngalah utawa seneng nggolèk-nggolèk masalah?’ Gatèkna pengalamané Sedulur Hyun, pinituwa saka Korea Selatan. Mbiyèn, Hyun nganggep nèk sedulur-sedulur sing nduwé tugas istiméwa ing jemaat kuwi saingané. Hyun kandha, ”Aku kerep béda pendapat lan seneng nggolèk-nggolèk kesalahané sedulur-sedulur kuwi. Sikapku kuwi nggawé jemaat dadi ora rukun.” Tapi, ana kanca-kancané Hyun ing jemaat sing ngandhani nèk sipaté kuwi ora apik lan dhèwèké perlu berubah. Hyun gelem manut karo naséhat kuwi lan saiki dadi pinituwa sing luwih apik. Awaké dhéwé ya padha. Nèk awaké dhéwé seneng saingan lan ora seneng ngalah karo sedulur-sedulur, awaké dhéwé kudu cepet-cepet berubah.

AJA SOMBONG LAN IRI

6. Nurut Galatia 5:26, sipat apa waé sing isa nyebabké awaké dhéwé dadi seneng saingan?

6 Wacanen Galatia 5:26. Sipat apa waé sing isa nyebabké awaké dhéwé dadi seneng saingan? Pertama, sombong. Wong sing sombong kuwi biasané mung mikirké kepentingané dhéwé. Keloro, iri. Wong sing iri ora mung méngini duwèké wong liya, ning ya péngin bèn wong kuwi kélangan apa sing diduwèni. Dadi, iri isa nyebabké wong dadi benci. Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi wong sing sombong lan iri.

7. Wènèhana perumpamaan sing isa nggambarké bahayané sipat sombong lan iri.

7 Wong sing sombong lan iri kuwi isa dipadhakké kaya omah sing kena rayap. Omah kuwi mungkin ora langsung rusak. Tapi nèk rayapé dijarké, suwé-suwé omahé isa ambruk. Padha kaya ngono, wong sing sombong lan iri isa waé isih nglayani Yéhuwah. Ning, sipat kuwi bahaya kanggo dhèwèké. Suwé-suwé, dhèwèké isa mandheg nglayani Yéhuwah. (WB. 16:18) Akibaté, dhèwèké isa nyusahké dhèwèké dhéwé lan wong liya. Dadi, piyé carané bèn ora dadi wong sing sombong lan iri?

8. Piyé carané bèn ora dadi wong sing sombong?

8 Bèn ora sombong, awaké dhéwé isa mikirké naséhaté Paulus kanggo sedulur-sedulur ing Filipi. Paulus kandha, ”Aja seneng iri lan mikirké kepentinganmu dhéwé. Ning, kowé kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul timbang kowé.” (Flp. 2:3) Nèk nganggep wong liya luwih unggul, awaké dhéwé ora bakal nganggep wong kuwi dadi saingané awaké dhéwé. Malah, nèk wong kuwi nggunakké ketrampilané kanggo nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé bakal mèlu seneng. Terus, sedulur-sedulur sing nduwé ketrampilan utawa tugas istiméwa ing jemaat ya perlu ngetrapké naséhaté Paulus kuwi. Sedulur-sedulur kuwi ora éntuk ngrèmèhké lan kudu menghargai sedulur-sedulur ing jemaat. Nèk kabèh sing ing jemaat manut karo naséhaté Paulus, jemaat isa dadi rukun lan bersatu.

9. Piyé carané bèn awaké dhéwé ora iri karo sedulur liya?

9 Bèn ora iri karo sedulur liya, awaké dhéwé kudu rendah hati. Kuwi berarti awaké dhéwé sadhar nèk awaké dhéwé nduwé keterbatasan. Awaké dhéwé ya ora nganggep nèk awaké dhéwé kuwi luwih hébat ketimbang liyané. Malah, awaké dhéwé gelem belajar saka wong liya sing luwih trampil. Contoné, nèk ana sedulur sing trampil wektu nyampèkké ceramah, awaké dhéwé mungkin isa takon piyé carané dhèwèké persiapan. Terus nèk ana sedulur wédok sing pinter masak, awaké dhéwé mungkin isa takon resèp utawa njaluk diajari masak. Sakliyané kuwi, cah-cah enom sing isinan isa njaluk saran karo sedulur-sedulur sing gampang bergaul bèn isa nduwé luwih akèh kanca. Dadi nèk rendah hati lan gelem belajar saka wong liya, awaké dhéwé ora bakal iri lan malah dadi luwih trampil.

SINAU SAKA ABDINÉ YÉHUWAH ING JAMAN MBIYÈN

Merga rendah hati, Gidéon isa tetep rukun karo wong Éfraim (Deloken paragraf 10-12)

10. Gidéon ngadhepi masalah apa?

10 Gatèkna sing dialami Gidéon sing asalé saka suku Manasyé. Merga bantuané Yéhuwah, Gidéon karo 300 prajurité isa menang nglawan wong Midian. Tapi, wong Éfraim ora muji ning malah nesu karo Gidéon. Wong-wong kuwi ngrasa ora diajèni merga awalé ora dijak mèlu perang nglawan mungsuhé Gusti Allah. Merga nganggep nèk harga diriné penting banget, wong-wong kuwi nganti ora isa ndelok nèk Gidéon wis ngluhurké jenengé Yéhuwah lan nglindhungi umaté. Gidéon karo para prajurité sakjané isa sombong. Tapi, coba gatèkna piyé tanggepané Gidéon.​—PH. 8:1.

11. Piyé tanggepané Gidéon wektu wong Éfraim nesu?

11 Gidéon ngomong karo wong Éfraim, ”Sing tak tindakké kan ora ana apa-apané karo sing mbok tindakké, ta?” Terus, Gidéon ngélingké wong Éfraim nèk Yéhuwah sakjané ya wis mberkahi wong-wong kuwi. Akhiré, wong Éfraim ”dadi tenang”. (PH. 8:2, 3) Merga Gidéon tetep rendah hati, umaté Yéhuwah isa tetep rukun.

12. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Gidéon karo wong Éfraim?

12 Apa sing isa dipelajari saka kisah kuwi? Saka contoné wong Éfraim, awaké dhéwé isa ngerti nèk sing luwih penting kuwi ngluhurké Yéhuwah, dudu harga diriné awaké dhéwé. Terus, sedulur-sedulur sing dadi kepala keluarga utawa pinituwa ya isa niru contoné Gidéon. Misalé, nèk ana sing jèngkèl karo awaké dhéwé, awaké dhéwé isa ngupaya bèn ngerti kenapa kok dhèwèké jèngkèl karo awaké dhéwé. Coba golèkana sesuatu sing isa dipuji saka dhèwèké, terus sampèkna kuwi. Bèn isa kaya ngono, awaké dhéwé kudu rendah hati, apa manèh nèk jelas-jelas wong kuwi sing salah. Dadi, sing paling penting kuwi nduwé hubungan sing apik karo sedulur-sedulur dudu nggolèki sapa sing salah utawa sing bener.

Merga percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu, Hana isa tetep tenang lan bahagia (Deloken paragraf 13-14)

13. Masalah apa sing diadhepi Hana, lan piyé carané dhèwèké ngadhepi kuwi?

13 Coba gatèkna sing dialami Hana. Bojoné Hana kuwi wong Lèwi sing jenengé Èlkana. Èlkana sayang banget karo Hana. Tapi, Èlkana nduwé bojo liya sing jenengé Pénina. Alkitab kandha nèk ”Pénina nduwé anak, ning Hana ora nduwé anak”. Kuwi sebabé, ”Pénina ngécé Hana sak puasé nganti Hana nangis lan ora gelem mangan”. (1 Sam. 1:2, 6, 7) Tapi, ing Alkitab ora disebutké nèk Hana péngin balas dendam karo Pénina. Hana ndonga nyritakké kabèh sing dirasakké karo Yéhuwah. Hana percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu dhèwèké. Apa hasilé? Ing Alkitab, ora disebutké nèk Pénina bar kuwi berubah. Tapi sing jelas, Hana isa tenang lan ”ora sedhih manèh”.​—1 Sam. 1:10, 18.

14. Apa sing isa dipelajari saka kisahé Hana?

14 Apa sing isa dipelajari saka kisahé Hana? Nèk ana sing péngin saingan karo awaké dhéwé, aja gelem terpengaruh. Daripada mbales kejahatan nganggo kejahatan, mendhing awaké dhéwé ngupaya bèn rukun karo wong kuwi. (Rm. 12:17-21) Dadi, meskipun wong kuwi ora gelem berubah, awaké dhéwé isa tetep bahagia.

Apolos lan Paulus sadhar nèk isa berhasil merga bantuané Yéhuwah, mula wong loro kuwi ora seneng saingan (Deloken paragraf 15-18)

15. Apa persamaané Apolos karo Rasul Paulus?

15 Sing terakhir, awaké dhéwé isa sinau saka Apolos lan Rasul Paulus. Wong loro kuwi padha-padha nduwé pengetahuan sing akèh soal Kitab Suci. Terus, wong loro kuwi ya guru sing apik lan pinter mulang. Sakliyané kuwi, Apolos lan Rasul Paulus ya wis mbantu akèh wong dadi muridé Yésus. Ning, Apolos karo Rasul Paulus padha-padha ora seneng saingan.

16. Apolos kuwi wongé piyé?

16 Apolos kuwi ”asalé saka Alèksandria”, kutha sing dadi pusat pendidikan wektu kuwi. Apolos pinter mulang lan ”ngerti akèh soal Kitab Suci”. (Kis. 18:24) Pas Apolos ing Korintus, ana sedulur-sedulur sing luwih seneng karo Apolos ketimbang karo Paulus utawa sedulur-sedulur liyané. (1 Kor. 1:12, 13) Apa Apolos sing nyebabké sedulur-sedulur kuwi dadi kaya ngono? Ora. Buktiné, sakwisé Apolos pindhah saka Korintus, Paulus ngongkon dhèwèké marani sedulur-sedulur ing kono manèh. (1 Kor. 16:12) Nèk Apolos nggawé sedulur-sedulur dadi ora rukun, mesthiné Paulus ora mungkin ngongkon Apolos bali mrono manèh, ta? Apolos nggunakké ketrampilané kanggo martakké kabar apik lan nyemangati para sedulur. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Apolos kuwi wong sing rendah hati. Buktiné, dhèwèké ora tersinggung pas Akuila lan Priskila ”mbantu dhèwèké bèn nduwé pemahaman sing luwih akèh soal dalané Gusti Allah”.​—Kis. 18:24-28.

17. Apa buktiné nèk Paulus ora seneng saingan?

17 Paulus ngerti nèk Apolos kuwi pinter mulang. Tapi, Paulus ora nganggep nèk Apolos kuwi saingané. Saka naséhaté kanggo sedulur-sedulur ing Korintus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Paulus kuwi wong sing rendah hati lan ora gampang tersinggung. Paulus ya ora seneng wektu ana sedulur-sedulur sing ngomong, ”Aku muridé Paulus.” Paulus malah nduduhké nèk wong isa berhasil kuwi merga bantuané Gusti Allah lan Yésus Kristus.​—1 Kor. 3:3-6.

18. Nurut 1 Korintus 4:6, 7, apa sing isa dipelajari saka contoné Apolos lan Paulus?

18 Apa sing isa dipelajari saka contoné Apolos lan Paulus? Awaké dhéwé mungkin nduwé akèh tugas ing jemaat utawa wis mbantu akèh wong nganti dibaptis. Tapi, awaké dhéwé sadhar nèk kuwi kabèh isa berhasil merga bantuané Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya isa sinau nèk semakin akèh tanggung jawab ing jemaat kuwi berarti awaké dhéwé nduwé luwih akèh kesempatan mbantu sedulur-sedulur bèn tetep bersatu. Awaké dhéwé mesthi seneng merga para pinituwa lan abdiné jemaat wis ngupayakké kuwi. Misalé, sedulur-sedulur kuwi nggunakké Alkitab wektu mènèhi naséhat. Sedulur-sedulur kuwi ya ora péngin dianggep penting lan malah mbantu sedulur-sedulur ing jemaat bèn manut lan niru contoné Yésus.​—Wacanen 1 Korintus 4:6, 7.

19. Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn apa? (Deloken kothak ” Aja Seneng Mbandhing-mbandhingké”.)

19 Gusti Allah wis mènèhi awaké dhéwé ketrampilan sing béda-béda. Awaké dhéwé isa nggunakké ketrampilan kuwi ”kanggo nglayani liyané”. (1 Ptr. 4:10) Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk tugasé awaké dhéwé kuwi ora penting. Tapi, coba pikirna iki. Benang nèk mung sak ler kétoké ora ana artiné. Tapi, benang isa dienggo njait kain bèn dadi pakaian sing apik. Dadi ora soal apa tugasé awaké dhéwé, upayané awaké dhéwé bèn jemaat isa tetep bersatu kuwi berharga banget. Mula, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn ora seneng saingan karo sedulur-sedulur ing jemaat. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn tetep bersatu lan rukun karo sedulur-sedulur.—Éf. 4:3.

LAGU 80 Rasakna Kabecikané Yéhuwah

^ par. 5 Kaya wadhah saka tanah liat sing gampang pecah nèk ana sing retak, jemaat ya ora isa rukun nèk sedulur-sedulur padha seneng saingan. Nèk jemaat ora rukun, awaké dhéwé mesthi ora nyaman nèk arep ngibadah karo Gusti Allah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa kok awaké dhéwé ora éntuk saingan, lan piyé carané bèn isa tetep rukun karo sedulur-sedulur.

^ par. 4 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.