”Kawula Inggih Mangretos Bilih Badhé Tangi”
’Sadulur kita lagi turu, anggonku mrana prelu arep nggugah anggoné turu.’—YO. 11:11.
LAGU: 54, 154
1. Apa sing diyakini Marta bab seduluré lanang? (Deloken gambar ing ndhuwur.)
KANCA cedhak lan muridé Yésus sing jenengé Marta lagi sedhih. Seduluré lanang sing jenengé Lazarus mati. Apa sing isa nglipur Marta? Yésus janji marang Marta, ”Sadulurmu bakal tangi manèh.” Pancèn, omongané Yésus ora langsung ngilangké rasa sedhihé. Ning, Marta percaya karo janjiné Yésus, lan kandha, ”Kawula inggih mangretos bilih [Lazarus] badhé tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman.” (Yo. 11:20-24) Marta yakin nèk sukmbèn wong-wong sing wis mati bakal diuripké manèh. Ning, Yésus banjur nggawé mukjijat. Dina kuwi uga Yésus nguripké Lazarus manèh.
2. Apa sebabé kita isa yakin kaya Marta?
2 Kita ora isa ngarep-arep Yésus utawa Yéhuwah kanggo nguripké manèh wong-wong mati ing jaman saiki. Ning, apa kita yakin kaya Marta nèk sukmbèn wong-wong mati sing kita tresnani bakal diuripké manèh? Mbokmenawa
kita ditinggal mati karo bojo, ibu, bapak, simbah, utawa malah anak sing ditresnani. Panjenengan wis ora sabar kanggo ndekep, omong-omongan, lan guyonan bareng karo wong-wong kuwi. Kaya Marta, kita isa kandha, ’Aku ngerti nèk wong sing tak tresnani bakal diuripké manèh.’ Ning, kita kabèh kudu mikirké alesané kita isa yakin ing bab kuwi.3, 4. Marta mbokmenawa krungu kedadéan apa lan piyé kuwi isa nguwatké imané Marta?
3 Merga manggon ing cedhak kutha Yérusalèm, Marta isa waé mung krungu critané wong-wong wektu Yésus nguripké manèh anak lanangé randha ing cedhaké kutha Nain ing Galiléa. Lan mbokmenawa Marta uga krungu nèk Yésus nguripké manèh anak wédoké Yairus. Kabèh wong sing ana ing omahé Yairus ngerti ”yèn bocahé wis mati”. Ning, Yésus ndemok tangané lan kandha, ”Hé, nggèr, tangia!” Lan cah wédok kuwi langsung tangi. (Lk. 7:11-17; 8:41, 42, 49-55) Marta lan Maryam ngerti nèk Yésus isa nambani wong sing lara. Dadi, wong loro kuwi yakin nèk Yésus ana ing kono, Lazarus ora bakal mati. Ning, saiki Lazarus wis mati. Apa sing diarep-arep karo Marta? Marta kandha nèk Lazarus bakal urip manèh sukmbèn, ”ing wekasaning jaman”. Apa sebabé Marta isa yakin banget? Lan apa sebabé kita isa yakin nèk sukmbèn wong-wong sing wis mati bakal diuripké manèh, mbokmenawa klebu wong-wong sing ditresnani?
4 Kita nduwé akèh alesan kanggo percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh. Kita saiki bakal ngrembug alesan-alesan kuwi. Wektu ngrembug kuwi mbokmenawa kita bakal nemokké bab-bab sing arang dipikirké. Kuwi isa nguwatké iman kita nèk isa ketemu manèh karo wong sing ditresnani.
KEDADÉAN-KEDADÉAN SING MÈNÈHI PANGAREP-AREP
5. Apa sebabé Marta yakin nèk Lazarus bakal diuripké manèh?
5 Gatèkna nèk Marta ora kandha, ’Aku ngarep-arep Lazarus bakal urip manèh.’ Ning, Marta kandha, ”Kawula inggih mangretos bilih [Lazarus] badhé tangi.” Marta isa yakin banget merga ngerti nèk ana wong-wong mati sing wis diuripké manèh sakdurungé. Marta mbokmenawa sinau bab kuwi ing omah lan ing sinagogé wektu dhèwèké isih cilik. Kita saiki bakal ngrembug telung conto saka wong-wong kuwi sing dicathet ing Alkitab.
6. Mukjijat apa sing dingertèni karo Marta?
6 Kedadéan sing kapisan bab wong mati sing diuripké manèh sing dicathet ing Alkitab kelakon wektu Yéhuwah maringi nabi Élia kuwasa kanggo nggawé mukjijat. Ana randha mlarat sing manggon ing Sarfat, yaiku kuthané wong Fénisia sing ana ing sisih loré Israèl. Randha kuwi loma marang Élia. Mula, Yéhuwah nggawé mukjijat yaiku glepung lan lengané randha kuwi ora entèk-entèk. Asilé, dhèwèké lan anaké isa tetep urip. (1 Ra. 17:8-16) Sakwisé kuwi, anak lanangé randha mau lara lan mati. Ning, Élia mbantu dhèwèké lan ndonga marang Yéhuwah, ”Gusti Allah kawula! Paduka mugi karsaa mangsulaken nyawanipun laré punika.” Lan donga kuwi dijawab. Anaké randha mau urip manèh. (Wacanen 1 Para Raja 17:17-24.) Marta mesthi ngerti kedadéan sing nggumunké kuwi.
7, 8. (a) Apa sing Élisa tindakké kanggo nglipur ibu sing lagi sedhih? (b) Mukjijaté Élisa mbuktèkké apa bab Yéhuwah?
7 Kedadéan sing kapindho bab wong mati sing diuripké manèh kelakon ing kutha Sunem lan ditindakké karo nabi Élisa. Ing kono ana wong wédok Israèl sing ora nduwé anak. Merga wong wédok kuwi loma banget marang Élisa, Yéhuwah maringi anak lanang marang dhèwèké lan bojoné sing wis tuwa. Ning, pirang-pirang taun sakbanjuré, anaké mau mati. Ibuké mesthi sedhih banget nganti nggolèki nabi Élisa ing Gunung Karmèl sing adohé 30 kilomèter saka omahé. Nabi Élisa ngutus Géhazi bèn lunga menyang Sunem dhisik kanggo nguripké manèh anaké lanang mau. Ning, Géhazi ora isa nguripké bocah kuwi. Banjur, ibuké tekan ing Sunem bareng karo Élisa.—2 Ra. 4:8-31.
Yéhuwah mbuktèkké kuwasané kanggo nguripké wong-wong sing wis mati
8 Élisa mlebu ing omahé lan nyedhaki anak lanang mau banjur ndonga. Yéhuwah njawab dongané Élisa lan nguripké manèh anak lanang mau. Wektu ndelok anaké urip manèh, ibuké seneng banget. (Wacanen 2 Para Raja 4:32-37.) Mbokmenawa dhèwèké kèlingan karo dongané Hana. Hana uga ora isa nduwé anak, ning Yéhuwah maringi anak lanang, yaiku Samuèl. Hana banjur muji Yéhuwah merga ”nyemplungaké wong marang ing jagadé wong mati lan ngentas saka ing kono”. (1 Sa. 2:6) Wektu nguripké manèh anak lanang ing Sunem mau, Yéhuwah mbuktèkké kuwasané kanggo nguripké wong-wong sing wis mati.
9. Terangna kedadéan sing katelu bab wong mati sing diuripké manèh.
9 Kedadéan sing katelu kelakon sakwisé Élisa mati. Élisa wis dadi nabi luwih saka 50 taun, lan akiré ”nandhang gerah kang njalari ing sédané”. Suwé sakwisé kuwi, wektu mayité Élisa tinggal balungé thok, ana wong-wong Israèl sing ngubur wong lanang. Ujug-ujug, wong-wong kuwi ndelok ana para perampok teka. Wong-wong kuwi cepet-cepet mlayu lan nguncalké wong mati mau ing kuburané Élisa. Alkitab kandha, ”Bareng layon [mayit] mau nggepok balung-balungé Nabi Élisa, banjur urip manèh lan ngadeg.” (2 Ra. 13:14, 20, 21) Telung kedadéan mau nggawé Marta yakin nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké wong mati. Kuwi kuduné uga nguwatké iman kita nèk kuwasané Yéhuwah ora ana watesé.
WONG-WONG MATI SING DIURIPKE MANEH ING ABAD KAPISAN
10. Apa sing dialami karo Tabita lan apa sing ditindakké Pétrus?
10 Kitab-Kitab Yunani Kristen uga nyritakké bab wong-wong mati sing diuripké manèh karo para abdiné Yéhuwah sing setya. Kita wis ngrembug nèk Yésus wis nguripké manèh wong mati ing PR. 9:36-42.
cedhak kutha Nain lan ing omahé Yairus. Sakwisé kuwi, Rasul Pétrus nguripké manèh Dorkas, sing uga disebut Tabita. Pétrus nyedhaki mayité Tabita lan ndonga banjur kandha, ”Tabita, tangia!” Tabita langsung urip manèh lan Pétrus nduduhké marang wong-wong Kristen sing ana ing kono ”yèn wong wadon mau wis urip”. Crita iki nggawé akèh wong ing kutha kuwi padha ”pracaya marang Gusti”. Para murid sing anyar kuwi isa nyritakké marang wong liya bab Yésus lan bab kuwasané Yéhuwah kanggo nguripké wong mati.—11. Apa sing dikandhakké karo dhokter Lukas bab Eutikhus lan apa pengaruhé crita kuwi marang wong liya?
11 Ana kedadéan liyané bab wong mati sing diuripké manèh sing didelok karo wong akèh. Wektu ana ing Troas, sing saiki ana ing Turki sisih barat laut, Paulus ngumpul karo wong-wong ing kamar ndhuwur. Paulus ceramah nganti tengah wengi. Ana cah lanang enom sing jenengé Eutikhus, lagi lungguh ing cedhak cendhéla wektu ngrungokké ceramahé. Ning, dhèwèké keturon banjur tiba saka tingkat telu. Mbokmenawa Lukas, sing dadi dhokter, langsung nulungi Eutikhus. Dhèwèké ngerti nèk cah lanang kuwi ora mung lukak lan ora sadhar, ning pancèn wis mati. Paulus uga marani lan ngrangkul Eutikhus banjur kandha, ”Dhèwèké isih urip.” Kedadéan kuwi nggawé wong-wong sing ana ing kono padha kagèt. Wektu ngerti nèk cah lanang kuwi wis mati banjur diuripké manèh, wong-wong kuwi padha kelipur banget.—PR. 20:7-12.
PANGAREP-AREP SING PASTI
12, 13. Sakwisé ngrembug kedadéan-kedadéan bab wong mati sing diuripké manèh, pitakonan apa waé sing mbokmenawa kita pikirké?
12 Kita isa yakin nèk Yéhuwah, sing nggawé kita, isa nguripké manèh wong mati. Kedadéan-kedadéan mau kuduné isa nggawé kita yakin kaya Marta. Kuwi kelakon wektu Yéhuwah isih nggunakké
abdiné sing setya kaya Élia, Yésus, utawa Pétrus kanggo nguripké wong mati. Ning, piyé nèk ana wong sing matiné wektu Yéhuwah wis ora nggunakké manèh abdiné sing setya kanggo nguripké wong mati? Apa para abdiné Yéhuwah sing setya isa yakin nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh wong mati sukmbèn? Apa kita isa yakin kaya Marta wektu kandha bab Lazarus, ”Kawula inggih mangretos bilih [Lazarus] badhé tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman”? Piyé panjenengan isa niru Marta sing percaya nèk sukmbèn wong mati bakal diuripké manèh?13 Ana akèh crita ing Alkitab sing nduduhké nèk para abdiné Yéhuwah sing setya ngerti nèk wong-wong mati bakal diuripké manèh sukmbèn. Ayo dirembug conto-contoné.
14. Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Abraham?
14 Yéhuwah ngendika marang Abraham bab Iskak, anak sing wis suwé diarep-arep, ”Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawé kurban obaran.” (Pd. 22:2) Bayangna piyé perasaané Abraham wektu kuwi. Yéhuwah wis janji nèk bakal mberkahi kabèh bangsa liwat keturunané Abraham. (Pd. 13:14-16; 18:18; Rm. 4:17, 18) Yéhuwah uga ngendika nèk keturunan kuwi asalé ”saka Iskak”. (Pd. 21:12) Ning, apa sing bakal kedadéan nèk Abraham ngurbanké Iskak? Paulus nerangké nèk Abraham percaya Yéhuwah isa nguripké Iskak manèh. (Wacanen Ibrani 11:17-19.) Ning, Alkitab ora kandha nèk Abraham ngarep-arep Iskak bakal ndang diuripké manèh, mbokmenawa sakwisé pirang-pirang jam, sedina, utawa seminggu. Abraham ora ngerti kapan kuwi bakal kelakon. Ning, dhèwèké percaya nèk Yéhuwah bakal nguripké Iskak manèh.
15. Pangarep-arep apa sing diduwèni Ayub?
Ay. 14:7-12; 19:25-27) Wektu mati, manungsa ora isa nguripké manèh awaké dhéwé. (2 Sa. 12:23; Ms. 89:49) Kuwi ora ateges Yéhuwah ora isa nguripké manungsa manèh. Ning, kuwi nduduhké nèk Ayub percaya Yéhuwah bakal éling karo dhèwèké. (Wacanen Ayub 14:13-15.) Ayub ora ngerti kapan kuwi bakal kelakon. Ning, Ayub percaya nèk Yéhuwah isa lan bakal éling karo dhèwèké sarta nguripké dhèwèké manèh.
15 Ayub uga ngerti nèk wong mati bakal diuripké manèh sukmbèn. Dhèwèké ngerti nèk wit sing ditegor isa thukul lan urip manèh. Ning, manungsa ora isa kaya ngono. (16. Piyé malaékat nguwatké Dhanièl?
16 Pikirna uga bab Dhanièl, abdiné Yéhuwah sing setya sajegé uripé lan didhukung karo Yéhuwah. Ing sawijiné dina, ana malaékat sing kandha nèk Dhanièl kuwi ”wong kang kinasihan” lan kandha bèn Dhanièl éntuk ”tentrem rahayu” sarta ”sing santosa”.—Dn. 9:22, 23; 10:11, 18, 19.
17, 18. Apa sing dijanjèkké Yéhuwah marang Dhanièl?
17 Wektu umuré Dhanièl mèh 100 taun lan mèh mati, dhèwèké mesthi mikirké apa sing bakal dialami. Apa Dhanièl ngarep-arep kanggo diuripké manèh? Ya mesthi. Ing pungkasané buku Dhanièl, kita maca nèk Yéhuwah janji marang Dhanièl, ”Kowé, lestaria nganti tumeka ing wekasaning jaman, kowé bakal ngaso.” (Dn. 12:13) Dhanièl ngerti nèk wong mati kuwi ngaso lan ’ing jagading wong mati ora ana panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan’. (Ko. 9:10) Ning, kuwi ora ateges nèk Dhanièl bakal mati saklawasé. Yéhuwah maringi dhèwèké pangarep-arep sing nyenengké sukmbèn.
18 Malaékaté Yéhuwah kandha, ’Kowé bakal tangi nampani pandumanmu bésuk ing wekasaning jaman.’ Dhanièl ora ngerti kapan persisé kuwi bakal kelakon. Dhèwèké ngerti nèk bakal mati lan ngaso. Ning, wektu Dhanièl krungu janji, ’Kowé bakal tangi nampani pandumanmu,’ dhèwèké ngerti nèk bakal diuripké manèh sukmbèn. Kuwi bakal kelakon suwé sakwisé Dhanièl mati, yaiku ”ing wekasaning jaman”.
19, 20. (a) Apa hubungané kedadéan-kedadéan sing wis kita rembug karo omongané Marta marang Yésus? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?
19 Dadi, Marta nduwé alesan kanggo yakin nèk Lazarus bakal ”tangi bénjing ing dinten patangèn, ing wekasaning jaman”. Janjiné Yéhuwah marang Dhanièl lan imané Marta sing kuwat bab wong mati bakal diuripké manèh sukmbèn, kuduné nggawé kita yakin nèk wong mati bakal diuripké manèh.
20 Kita wis sinau kedadéan-kedadéan bab wong mati sing diuripké manèh ing jaman mbiyèn. Kuwi nduduhké nèk wong mati isa diuripké manèh. Kita uga ngerti nèk para abdiné Yéhuwah sing setya ngarep-arep bakal diuripké manèh sukmbèn. Ning, apa ana bukti sing nduduhké nèk wong mati isa diuripké manèh senajan kuwi wis suwé dijanjèkké? Nèk ana, kuwi bakal nggawé kita dadi luwih yakin nèk wong mati bakal diuripké manèh sukmbèn. Kapan kuwi bakal kelakon? Kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.