Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Apa sing Isa Njenengan Pelajari saka Para Sedulur sing Luwih Pengalaman?

Apa sing Isa Njenengan Pelajari saka Para Sedulur sing Luwih Pengalaman?

Ing jemaat, ana akèh sedulur sing wis suwé nglayani Yéhuwah. Awaké dhéwé isa sinau saka carané sedulur-sedulur kuwi ngendelké Yéhuwah. Awaké dhéwé isa takon-takon soal sejarah organisasiné Yéhuwah lan carané Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi ngatasi tantangan. Awaké dhéwé ya isa ngundang sedulur-sedulur kuwi ing Ibadah Keluargané awaké dhéwé bèn isa nyritakké pengalamané.

Nèk njenengan wis suwé nglayani Yéhuwah, critakna pengalamané njenengan karo sedulur-sedulur sing luwih enom. Yakub lan Yusuf nyritakké pengalamané karo keluargané. (Pd 48:21, 22; 50:24, 25) Yéhuwah ya ngongkon kepala keluarga ngajari anak-anaké soal Yéhuwah. (PT 4:9, 10; Ms 78:4-7) Saiki, para wong tuwa lan para sedulur ing jemaat isa crita karo sedulur-sedulur sing luwih enom soal apa sing wis ditindakké Yéhuwah liwat organisasiné.

DELOKEN VIDÉO TETEP BERSATU WEKTU PELARANGAN, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé carané kantor cabang Austria mbantu sedulur-sedulur ing negara-negara sing nglarang gawéan nginjil?

  • Piyé carané sedulur-sedulur ing negara-negara kuwi isa terus nduwé iman sing kuwat?

  • Apa sebabé akèh sedulur ing Rumania ninggalké organisasiné Yéhuwah, lan piyé akhiré sedulur-sedulur kuwi nggabung manèh?

  • Piyé pengalaman-pengalaman iki nguwatké imané njenengan?

Pengalamané sedulur-sedulur lansia isa nguwatké imané njenengan