URIPÉ WONG KRISTEN
Hiburan Kaya Apa sing Kuduné Tak Pilih?
Apa sebabé awaké dhéwé kudu ati-ati wektu milih hiburan? Merga film, lagu, situs web, utawa game sing awaké dhéwé pilih kuwi ana pengaruhé kanggo pikiran lan tumindaké awaké dhéwé. Terus, akèh-akèhé hiburan sing ana saiki isiné ora cocog karo apa sing dikarepké Yéhuwah. (Ms 11:5; Gal 5:19-21) Mula, Alkitab ngongkon bèn awaké dhéwé terus mikirké apa sing isa ngluhurké Yéhuwah.—Flp 4:8.
DELOKEN VIDEO HIBURAN SING KUDUNÉ TAK PILIH, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
-
Apa sebabé pertunjukan gladiator pas jaman Roma mbiyèn padha karo akèh hiburan sing ana saiki?
-
Piyé carané para sedulur ing jemaat isa mbantu cah enom bèn luwih ati-ati wektu milih hiburan?
-
Piyé pathokan sing ana ing Roma 12:9 isa mbantu awaké dhéwé wektu arep milih hiburan?
-
Apa waé conto-conto hiburan ing dhaérahé njenengan sing ora nglanggar pathokané Yéhuwah?