Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Mulai Omongan Nggunakké Selebaran

Carané Mulai Omongan Nggunakké Selebaran

Mulai Januari 2018, ana conto carané ngomong ing halaman ngarep dhéwé saka Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil. Awaké dhéwé wis diwènèhi petunjuk bèn ngupaya ngejak omong-omongan ketimbang nawakké publikasi. Kanggo mbantu para penginjil nggawé kata pengantar sing cocog, ana vidéo conto carané ngomong mung nggunakké Alkitab. Apa iki maksudé awaké dhéwé ora éntuk nggunakké publikasi wektu ngabar? Ora ngono. Contoné, awaké dhéwé isa nggunakké selebaran kanggo mulai omongan. Awaké dhéwé isa nggunakké cara-cara iki kanggo selebaran apa waé:

  1. Gunakna pitakonan sing ana ing halaman ngarep.

  2. Duduhna jawabané Alkitab ing ayat sing ana ing halaman loro bagéan ndhuwur. Nèk wektuné cocog, wacakna lan rembugen katrangan-katrangan sing ana ing njero selebaran kuwi.

  3. Wènèhna selebarané kanggo sing nduwé omah bèn diwaca dhéwé pas wektuné longgar.

  4. Sakdurungé pamit, duduhna pitakonan ing bagéan ”Kanggo Dipikir Tenanan”, terus ngomonga nèk bakal ngrembug jawabané Alkitab pas ketemu manèh.

Wektu marani manèh, rembugen jawabané lan tinggalana pitakonan liyané sing isa dirembug ing dina liya. Njenengan isa milih pitakonan saka jw.org utawa saka publikasi sing ana ing bagéan mburi selebaran. Ing wektu sing cocog, duduhna buku Kabar Apik saka Gusti Allah! utawa publikasi liyané saka Alat-Alat kanggo Mulang.