Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

”Paulus Ngucap Sokur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké”

”Paulus Ngucap Sokur marang Gusti Allah lan Ngrasa Dikuwatké”

Wektu jemaat ing Roma krungu nèk Paulus arep teka, ana sedulur-sedulur sing mlaku adohé 64 km kanggo nemoni Paulus. Paulus ngajèni banget pengorbanané para sedulur kuwi. ”Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap sokur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké.” (Kis 28:15) Senajan Paulus biasané nguwatké jemaat-jemaat, ning wektu dadi tahanan, dhèwèké sing dikuwatké.​—2Kor 13:10.

Saiki, para pinituwa wilayah ngunjungi jemaat-jemaat kanggo nguwatké para sedulur. Kaya umaté Gusti Allah liyané, kadhang kala dhèwèké isa dadi kesel, kuwatir, lan cilik ati. Dadi, wektu pinituwa wilayah lan bojoné ngunjungi jemaaté njenengan, apa sing isa njenengan tindakké supaya isa ”nguwatké siji lan sijiné”?​—Rm 1:11, 12.

  • Ndhukung pertemuan sakdurungé nginjil. Pinituwa wilayah dikuwatké karo para penyiar sing wis nggawé pengorbanan kanggo ndhukung kunjungané. (1Tés 1:2, 3; 2:20) Njenengan isa mèlu merintis èkstra ing sasi kuwi. Apa njenengan isa nginjil karo pinituwa wilayah lan bojoné utawa ngejak dhèwèké mèlu PAR karo njenengan? Pinituwa wilayah lan bojoné seneng nèk isa nginjil karo penyiar sing béda-béda, klebu penyiar anyar utawa sing kurang trampil nginjil.

  • Seneng nampa tamu. Apa njenengan gelem nyedhiakké penginepan utawa ngundang mangan? Iki nduduhké nèk njenengan nresnani pinituwa wilayah lan bojoné. Pinituwa wilayah lan bojoné seneng nèk persediaané sing sederhana waé.​—Luk 10:38-42.

  • Ngrungokké lan ngetrapké arahan lan naséhat pinituwa wilayah. Pinituwa wilayah seneng mbantu awaké dhéwé bèn dadi abdiné Yéhuwah sing luwih apik. Kadhang, pinituwa wilayah mènèhi naséhat sing tegas. (1Kor 5:1-5) Dhèwèké seneng nèk awaké dhéwé manut lan tundhuk.​—Ibr 13:17.

  • Duduhna rasa maturnuwun. Ngomonga karo pinituwa wilayah lan bojoné nèk njenengan éntuk manfaat saka kunjungané. Isa ngomong langsung utawa nganggo kartu ucapan.​—Kol 3:15.