PELAJARAN 52
Jaran lan Kréta Perang Berapiné Yéhuwah
Raja Siria sing jenengé Bèn-hadad bola-bali nyerang bangsa Israèl. Tapi, raja Israèl isa lolos merga dikandhani Nabi Èlisa. Mula, Bèn-hadad mutuské kanggo nyulik Èlisa. Bèn-hadad ngerti nèk Èlisa ana ing kutha Dotan. Terus, dhèwèké ngongkon prajurité nangkep Èlisa.
Wektu bengi, pasukan Siria teka ing Dotan. Ésuké, pelayané Èlisa metu, terus ndelok nèk kutha kuwi wis dikepung pasukan Siria. Dhèwèké wedi, terus mbengok, ’Pak, awaké dhéwé kudu piyé?’ Èlisa ngomong, ’Luwih akèh sing ndhukung awaké dhéwé ketimbang wong-wong kuwi.’ Pas kuwi, Yéhuwah nggawé pelayané Èlisa isa ndelok jaran lan kréta perang berapi ing pegunungan sekitaré kutha kuwi.
Wektu arep ditangkep, Èlisa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Bar kuwi, Yéhuwah nggawé pasukan Siria dadi bingung lan ora ngerti lagi ana ing ngendi. Terus, Èlisa ngomong karo wong-wong kuwi, ’Kowé kabèh salah dalan. Mèlua aku. Kowé bakal tak terké bèn isa ketemu
karo wong sing mbok golèki.’ Wong-wong kuwi ngetutké Èlisa tekan Samaria, yaiku tempat tinggalé raja Israèl.Pasukan Siria akhiré ngerti nèk lagi ana ing Samaria. Tapi, kuwi wis telat. Raja Israèl ngomong karo Èlisa, ’Apa aku kudu matèni wong-wong kuwi?’ Apa Èlisa nggunakké kesempatan iki kanggo balas dendam karo wong-wong sing arep nangkep dhèwèké? Ora. Èlisa ngomong, ’Aja mbok patèni. Wènèhana wong-wong kuwi mangan, terus kongkonen lunga.’ Mula, raja nggawé pésta gedhé kanggo wong-wong kuwi. Terus, wong-wong kuwi dikon mulih.
”Iki sing kita yakini marang Panjenengané, yaiku nèk kita ndonga nyuwun apa waé sing cocog karo kersané Gusti Allah, Panjenengané mirengké kita.”—1 Yohanes 5:14