Wahyu 6:1-17
-
Anak domba mbukak meterai sing pertama nganti sing keenem (1-17)
-
Sing numpak jaran putih ngalahké mungsuh-mungsuhé (1, 2)
-
Sing numpak jaran abang mbranang ngrampas perdamaian (3, 4)
-
Sing numpak jaran ireng nyebabké kelaparan (5, 6)
-
Sing numpak jaran pucet jenengé Kematian (7, 8)
-
Getihé wong-wong sing dipatèni kétok ing dhasar mézbah (9-11)
-
Gempa bumi sing gedhé (12-17)
-
6 Aku ndelok Anak Domba+ kuwi mbukak meterai sing pertama saka meterai pitu kuwi.+ Aku ya krungu salah siji saka kerub papat+ kuwi ngomong, ”Majua!” Swarané kerub kuwi kaya swara gludhug.
2 Sakwisé kuwi, aku ndelok ana jaran putih,+ lan sing numpak jaran kuwi nggawa panah. Gusti Allah mènèhi dhèwèké mahkota,+ lan dhèwèké mangkat kanggo nglawan lan ngalahké mungsuh-mungsuhé.+
3 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai sing keloro, aku krungu kerub sing keloro+ ngomong, ”Majua!”
4 Terus, ana jaran liya metu, wernané abang mbranang. Sing numpak jaran kuwi diwènèhi pedhang gedhé+ lan diijinké kanggo ngrampas perdamaian saka bumi bèn manungsa patèn-patènan.
5 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai sing ketelu,+ aku krungu kerub sing ketelu+ ngomong, ”Majua!” Terus, aku ndelok ana jaran ireng, lan sing numpak jaran kuwi nyekel timbangan.
6 Aku krungu ana swara saka tengah-tengahé kerub papat kuwi sing ngomong, ”Sak liter gandum regané sak dinar,*+ lan telung liter barli regané sak dinar. Gandum lan minyak zaitun aja dientèk-entèkké.”+
7 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai sing kepapat, aku krungu kerub sing kepapat+ ngomong, ”Majua!”
8 Terus, aku ndelok ana jaran sing warnané pucet. Sing numpak jaran kuwi jenengé Kematian, lan Kuburan* ngetutké ing mburiné. Kematian lan Kuburan diwènèhi kuwasa ing seprapaté bumi bèn isa matèni nganggo pedhang dawa, kelaparan,+ wabah penyakit sing parah, lan kéwan buas ing bumi.+
9 Wektu Anak Domba kuwi mbukak meterai kelima, aku ndelok ing dhasar mézbah+ ana getihé+ wong-wong sing dipatèni merga manut omongané Gusti Allah lan merga mènèhi kesaksian.+
10 Getihé wong-wong kuwi ngomong nganggo swara banter, ”Gusti sing Mahakuwasa, sing suci lan bener,+ kapan Njenengan bakal ngadili lan mbales wong-wong ing bumi sing wis matèni aku?”+
11 Terus, Gusti mènèhi wong-wong kuwi jubah putih+ lan kandha, ”Entènana sedhéla manèh nganti jumlahé kanca-kanca budhakmu lan sedulurmu lengkap. Wong-wong kuwi ya bakal dipatèni kaya kowé.”+
12 Terus, aku ndelok Anak Domba kuwi mbukak meterai sing keenem, lan ana gempa bumi sing gedhé. Matahari dadi peteng kaya kain ireng,* lan bulan dadi abang kaya getih.+
13 Bintang-bintang ing langit padha tiba ing bumi kaya buah-buah ara sing durung mateng sing tiba saka wité merga kena angin gedhé.
14 Langit dadi ilang kaya lembaran kitab sing digulung.+ Saben gunung lan pulau disingkirké saka panggonané.+
15 Terus, para raja ing bumi, para pejabat penting, komandan militèr, wong sugih, wong kuwat, budhak-budhak, lan wong-wong sing merdéka padha ndhelik ing njero guwa lan ing antarané watu-watu gedhé ing gunung.+
16 Wong-wong kuwi ya terus-terusan ngomong karo gunung-gunung lan watu-watu gedhé, ”Tutupana aku.+ Dhelikna aku saka Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi+ lan saka Anak Domba sing lagi nesu banget,+
17 sebab pas Gusti Allah lan Anak Domba kuwi nesu,+ ora ana wong sing isa slamet.”+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
^ Kain goni ireng saka wuluné kéwan, mungkin saka wulu kambing.