Purwaning Dumadi 33:1-20
33 Saka kadohan, Yakub ndelok Ésau teka karo wong lanang 400.+ Mula, Yakub masrahké anak-anaké marang Léa, Rakhèl, lan pembantuné wédok loro.+
2 Yakub ngongkon pembantu-pembantuné wédok karo anak-anaké mlaku ing ngarep dhéwé,+ bar kuwi Léa karo anak-anaké,+ terus Rakhèl+ lan Yusuf ing mburi dhéwé.
3 Terus, Yakub mlaku ndhisiki wong-wong kuwi. Wektu mlaku nyedhaki kakangé, Yakub sujud nganti ping pitu.
4 Ésau langsung mlayu nemoni Yakub, terus ndhekep lan ngambung Yakub, lan wong loro kuwi nangis bareng.
5 Wektu ndelok wong-wong wédok lan anak-anak kuwi, Ésau takon, ”Wong-wong kuwi sapa?” Yakub njawab, ”Kuwi anak-anak sing diwènèhké Gusti Allah marang pelayanmu iki.”+
6 Mula, pembantu-pembantuné wédok maju karo anak-anaké lan sujud.
7 Terus, Léa ya maju karo anak-anaké lan sujud. Sakwisé kuwi, Yusuf karo Rakhèl maju lan sujud.+
8 Ésau takon, ”Ngapa kowé ngongkon wong nemoni aku karo nggawa ternak?”+ Yakub njawab, ”Bèn isa nyenengké kowé.”+
9 Terus Ésau kandha, ”Hartaku wis akèh. Kuwi kanggo kowé waé.”+
10 Ning, Yakub kandha, ”Tulung aja mbok tolak. Nèk kowé seneng ketemu aku, tampanen hadiahku. Aku nggawa hadiah iki bèn aku isa ndelok wajahmu. Kanggoku, ndelok wajahmu kuwi kaya ndelok wajahé Gusti Allah merga kowé wis nyambut aku.+
11 Tulung tampanen hadiah* sing tak gawa,+ merga Gusti Allah wis mberkahi aku, lan aku wis kecukupan.”+ Yakub terus-terusan meksa Ésau, lan akhiré Ésau gelem nampa.
12 Terus Ésau kandha, ”Ayo lunga saka kéné. Aku tak mlaku ing ngarepmu.”
13 Ning, Yakub kandha, ”Kowé ngerti nèk anakku isih cilik-cilik.+ Aku ya nggawa domba lan sapi sing isih nyusoni anaké. Nèk mlakuné dikongkon cepet-cepet, kabèh ternak bakal mati.
14 Kowé mangkat dhisik waé. Aku tak mlaku alon-alon bareng karo anak-anakku lan ternakku nganti tekan panggonanmu ing Séir.”+
15 Terus Ésau kandha, ”Nèk ngono, aku tak ngongkon anak buahku ngancani kowé.” Yakub njawab, ”Ora perlu. Kowé wis gelem nyambut aku waé, kuwi wis cukup.”
16 Mula, dina kuwi Ésau bali menyang Séir.
17 Yakub mangkat menyang Sukot+ lan mbangun omah ing kana. Dhèwèké ya nggawé kandhang kanggo ternaké. Kuwi sebabé dhèwèké njenengi panggonan kuwi Sukot.*
18 Sakwisé mlaku saka Padan-aram,+ Yakub tekan ing kutha Syikhèm+ ing tanah Kanaan.+ Dhèwèké ngedegké perkémahan ing cedhak kutha kuwi.
19 Terus, Yakub tuku tanah saka anak-anaké lanang Hamor, bapaké Syikhèm. Regané tanah kuwi 100 dhuwit pérak.+ Yakub ngedegké perkémahané ing kono.
20 Yakub mbangun mézbah ing kono lan njenengi mézbah kuwi ”Gusti Allah kuwi Gusti Allahé Israèl”.+