Kisah Para Rasul 21:1-40

  • Perjalanan menyang Yérusalèm (1-14)

  • Tekan ing Yérusalèm (15-19)

  • Paulus manut karo naséhaté para pinituwa (20-26)

  • Gègèran ing bait; Paulus ditangkep (27-36)

  • Paulus diijinké ngomong karo wong-wong (37-40)

21  Senajan sedhih, aku lan sedulur-sedulur kudu tetep ninggalké para pinituwa kuwi. Mula, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal lan langsung menyang Kos. Sésuké, menyang Rodès, lan saka kono menyang Patara.  Wektu ngerti ana kapal sing arep nyabrang menyang Fénisia, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal kuwi lan mangkat.  Sakwisé kuwi, kapalé ngliwati Pulau Siprus sing kétok ing sisih kiwa. Kapalé terus mlaku menyang Siria lan mandheg ing Tirus, yaiku ing panggonan kapal kuwi arep ngedhunké barang.  Ing kono, aku lan sedulur-sedulur nggolèki murid-murid. Sakwisé ketemu, aku lan sedulur-sedulur manggon ing kono nganti pitung dina. Ning liwat tuntunané roh suci, murid-murid kuwi bola-bali ngandhani Paulus supaya ora lunga menyang Yérusalèm.+  Pas wis tekan wektuné, aku lan sedulur-sedulur neruské perjalanan. Murid-murid kuwi karo wong-wong wédok lan bocah-bocah ngeterké nganti tekan njaba kutha. Ing pinggir pantai kuwi, aku lan kabèh sedulur kuwi ndonga.  Sakwisé pamitan, aku lan sedulur-sedulur munggah kapal lan wong-wong kuwi padha mulih.  Aku lan sedulur-sedulur numpak kapal ninggalké Tirus lan tekan ing Ptolémais. Ing kono, aku lan sedulur-sedulur mampir bèn isa nyapa sedulur-sedulur lan nginep sewengi.  Sésuké, aku lan sedulur-sedulur mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku lan sedulur-sedulur nginep ing omahé penginjil sing jenengé Filipus. Filipus kuwi salah siji saka antarané wong pitu+ sing dipilih para rasul ing Yérusalèm.  Filipus nduwé anak wédok papat sing durung nikah* lan isa mènèhi ramalan.+ 10  Sakwisé pirang-pirang dina ing kana, ana nabi sing jenengé Agabus+ sing teka saka Yudéa. 11  Dhèwèké marani aku lan sedulur-sedulur lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau ditalèkké ing sikil lan tangané dhéwé. Terus, dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm.+ Dhèwèké ya bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya.’”+ 12  Wektu krungu kuwi, aku lan wong-wong sing ana ing kono njaluk tenanan karo Paulus bèn ora lunga menyang Yérusalèm. 13  Terus, Paulus njawab, ”Ngapa kok kowé nangis lan malah ngalang-ngalangi aku? Kowé ora perlu kuwatir. Aku ora mung siap kanggo ditalèni, ning ya siap mati ing Yérusalèm demi jenengé Gusti Yésus.”+ 14  Merga Paulus ora isa dicegah manèh, mula aku lan sedulur-sedulur ora meksa dhèwèké manèh.* Aku lan sedulur-sedulur ngomong, ”Muga-muga apa sing dadi karepé Yéhuwah* kelakon.” 15  Sakwisé pirang-pirang dina ing kana, aku lan sedulur-sedulur siap-siap neruské perjalanan lan mangkat menyang Yérusalèm. 16  Ana murid-murid saka Kaisaréa sing ngeterké aku ing omahé Mnason merga aku lan sedulur-sedulur arep nginep ing kono. Mnason kuwi asalé saka Siprus lan wis suwé dadi murid. 17  Pas tekan ing Yérusalèm, aku lan sedulur-sedulur disambut lan kuwi nyenengké banget. 18  Sésuké, aku, Paulus, lan sedulur-sedulur nemoni Yakobus.+ Kabèh pinituwa ya ana ing kana. 19  Sakwisé ngucapké salam, Paulus nyritakké kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah marang bangsa-bangsa liwat gawéan nginjilé Paulus. 20  Wektu krungu kuwi, para sedulur mulai ngluhurké Gusti Allah. Bar kuwi, para pinituwa kuwi ngomong ngéné karo Paulus, ”Sedulurku, coba deloken, ana éwonan wong Yahudi sing dadi percaya lan kabèh wong kuwi semangat nindakké Taurat.+ 21  Ning, wong-wong kuwi krungu kabar nèk kowé mulang wong-wong Yahudi ing antarané bangsa-bangsa supaya ninggalké Hukum Musa. Jaréné kowé ya mulang nèk anak-anaké wong-wong kuwi ora perlu disunat lan tradhisiné wong Yahudi ora perlu ditindakké.+ 22  Terus, saiki énaké piyé? Wong-wong kuwi kan mesthi bakal krungu nèk kowé wis tekan kéné. 23  Mula, kowé tak saranké ngéné: Ing kéné, ana wong papat sing wis nggawé janji marang Gusti Allah. 24  Gawanen wong-wong kuwi bareng kowé lan tindakna upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi. Terus, bayaren kabèh biaya sing ditokké wong-wong kuwi supaya wong-wong kuwi isa nyukur rambuté. Dadi, wong-wong bakal ngerti nèk kabar soal kowé kuwi ora bener merga tumindakmu apik lan kowé nindakké Taurat.+ 25  Soal wong-wong saka bangsa liya sing dadi wong percaya, awaké dhéwé wis ngirim surat soal keputusané awaké dhéwé, yaiku nèk wong-wong kuwi kudu nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala,+ saka getih,+ saka daging kéwan sing mati ditekak,*+ lan saka hubungan sèks sing ora pantes.”*+ 26  Mula sésuké, Paulus nggawa wong papat mau lan nindakké upacara nyucèkké badan bareng karo wong-wong kuwi.+ Terus, Paulus mlebu bait merga arep ngandhani kapan upacara nyucèkké badan sing suwéné pitung dina kuwi bakal rampung. Paulus nindakké kuwi supaya pas tekan dinané, imam isa mènèhké korban kanggo saben wong kuwi. 27  Wektu pitung dina upacara kuwi wis arep rampung, wong Yahudi saka Provinsi Asia ndelok nèk Paulus ana ing bait. Wong-wong kuwi ngojok-ojoki wong akèh lan nangkep Paulus. 28  Wong-wong kuwi mbengok, ”Hé wong Israèl, éwangana aku. Iki lho wong sing ing endi-endi mulang wong-wong bèn nglawan Taurat, panggonan suci, lan bangsané awaké dhéwé. Dhèwèké malah nggawa wong Yunani mlebu bait. Kuwi kan isa nggawé najis panggonan suci iki, ta?”+ 29  Wong-wong kuwi ngomong kaya ngono merga tau ndelok Trofimus,+ wong Éfésus, mlaku karo Paulus ing kutha. Wong-wong kuwi ngira nèk Paulus nggawa Trofimus menyang njero bait. 30  Wong-wong sak kutha dadi gègèr lan wong-wong kuwi bareng-bareng mlayu ing bait arep nangkep Paulus. Wong-wong kuwi nyèrèt Paulus metu saka bait lan langsung nutup lawang-lawangé. 31  Wektu wong-wong kuwi arep matèni Paulus, salah siji komandan militèr éntuk laporan nèk wong-wong sak Yérusalèm padha gègèr. 32  Mula, dhèwèké cepet-cepet ngejak para prajurit lan perwirané mlayu mrana. Wektu ndelok komandan militèr lan para prajurit kuwi, wong-wong kuwi mandheg nggebugi Paulus. 33  Terus, komandan kuwi nyedhak lan ngongkon bèn Paulus ditangkep lan tangané ditalèni nganggo ranté loro.+ Bar kuwi, dhèwèké takon karo wong-wong sing ana ing kono sapa sakjané wong kuwi lan salahé apa. 34  Ning, ana sing mbengok ngéné lan sing liyané mbengok ngono. Merga keadaané kisruh banget, komandan dadi ora ngerti sing bener kuwi sakjané sing endi. Mula, dhèwèké ngongkon supaya Paulus digawa menyang markas prajurit. 35  Ning, pas lagi tekan undhak-undhakan, Paulus kudu dicekeli karo para prajurit merga wong akèh péngin nggebugi Paulus. 36  Wong-wong kuwi terus ngetutké karo bengok-bengok, ”Wong kuwi patèni waé.” 37  Pas arep digawa mlebu menyang markas prajurit, Paulus ngomong karo komandan militèr kuwi, ”Apa aku éntuk ngomong karo njenengan?” Komandan militèr kuwi kandha, ”Kok kowé isa basa Yunani? 38  Kowé kan wong Mesir sing durung suwé iki ngojok-ojoki wong kanggo mbrontak, ta? Kowé ya mimpin wong 4.000 sing nggawa senjata* lunga menyang padhang belantara.” 39  Paulus njawab, ”Aku iki sakjané wong Yahudi+ saka kutha Tarsus+ ing Kilikia. Aku iki warga saka kutha sing penting. Mula, tulung ijinké aku bèn isa njelaské marang wong-wong kuwi.” 40  Sakwisé diijinké, Paulus ngadeg ing undhak-undhakan lan mènèhi tandha nganggo tangané bèn wong-wong kuwi tenang. Sakwisé wong-wong kuwi meneng, Paulus ngomong karo wong-wong kuwi nganggo basa Ibrani.+ Dhèwèké kandha,

Katrangan Tambahan

Lit.: ”sing isih prawan”.
Lit.: ”aku lan sedulur-sedulur meneng”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”sing dipatèni tanpa diecurké getihé”.
Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nggawa belati”.