Kaimaman 8:1-36
-
Harun lan keturunané dilantik dadi imam (1-36)
8 Terus, Yéhuwah kandha marang Musa,
2 ”Undangen* Harun lan anak-anaké lanang.+ Gawanen jubah+ imam, minyak suci,*+ sapi lanang kanggo persembahan dosa, domba lanang loro, lan kranjang sing isiné roti tanpa ragi.+
3 Terus, klumpukna wong Israèl ing lawangé kémah pertemuan.”
4 Musa nindakké kabèh sing wis dipréntahké Yéhuwah, lan wong Israèl ngumpul ing lawangé kémah pertemuan.
5 Musa kandha marang wong Israèl, ”Iki préntahé Yéhuwah marang awaké dhéwé.”
6 Terus, Musa ngongkon Harun lan anak-anaké lanang nyedhak lan ngresiki wong-wong kuwi nganggo banyu.*+
7 Bar kuwi, Musa nganggokké jubah,+ sabuk,+ lan jubah sing ora ana lengené*+ marang Harun. Terus, Musa masangké éfod*+ lan dikencengi nganggo sabuk éfod.+
8 Bar kuwi, Musa masangké tutup dhadha+ lan nglebokké Urim lan Tumim+ ing tutup dhadha kuwi.
9 Terus, Musa nganggokké serban*+ ing sirahé Harun, lan ing ngarepé serban kuwi Musa masangké lèmpèngan sing mengkilap saka emas. Lèmpèngan kuwi dadi tandha sing suci.*+ Kuwi ditindakké kaya préntahé Yéhuwah marang Musa.
10 Bar kuwi, Musa njupuk minyak suci lan nyipratké kuwi ing* tabernakel lan kabèh sing ana ing njeroné,+ terus nggawé kuwi kabèh dadi suci.
11 Terus, Musa ya nyipratké minyak kuwi ping pitu ing mézbah lan kabèh perlengkapané, terus ing bak lan penyanggané bèn kuwi kabèh dadi suci.
12 Sing terakhir, Musa ngesokké sebagéan minyak suci mau ing sirahé Harun lan nglantik dhèwèké supaya dadi suci.+
13 Musa ngongkon anak-anaké lanang Harun nyedhak lan nganggokké jubah,+ sabuk, lan serban,* kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
14 Terus, Musa nggawa sapi lanang kanggo persembahan dosa. Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé sapi lanang persembahan dosa kuwi.+
15 Musa mbelèh sapi kuwi, terus drijiné dicelupké ing getihé+ sapi kuwi. Getih kuwi diolèské ing sungu-sungu sing ana ing mézbah supaya mézbah kuwi dadi murni, ning sisa getihé diesokké ing bagéan ngisor mézbah. Kuwi kabèh ditindakké bèn mézbah kuwi dadi suci lan murni.
16 Terus, Musa njupuk kabèh gajih sing ana ing usus, gajih sing ana ing ati, lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Musa ngobong kuwi kabèh ing mézbah.+
17 Bagéan liyané saka sapi kuwi, yaiku kulit, daging, lan telèké, diobong ing njaba perkémahan+ kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
18 Bar kuwi, Musa nggawa domba lanang dadi persembahan bakaran. Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+
19 Terus, Musa mbelèh domba kuwi lan nyipratké getihé domba kuwi ing sak ubengé mézbah.
20 Bar kuwi, domba mau dipotong-potong. Endhasé, gajihé,* lan potongan-potongan domba kuwi diobong ing mézbah.
21 Usus lan sikilé* dikumbah nganggo banyu, terus Musa ngobong domba mau sak kabèhé ing mézbah. Kuwi persembahan bakaran sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
22 Terus, Musa nggawa domba lanang sing keloro, yaiku domba lanang sing dikorbanké wektu nglantik imam.+ Harun lan anak-anaké lanang ndèlèhké tangané ing endhasé domba kuwi.+
23 Musa mbelèh domba kuwi, njupuk sebagéan getihé, terus ngolèské kuwi ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené Harun.
24 Terus, Musa ngongkon anak-anaké lanang Harun nyedhak lan ngolèské getih kuwi ing kuping tengen, jempol tangan tengen, lan jempol sikil tengené wong-wong kuwi. Sisa getihé dicipratké ing sak ubengé mézbah.+
25 Musa njupuk gajihé domba kuwi, yaiku buntut sak gajihé, kabèh gajih sing ana ing ususé, gajih sing ana ing atiné, ginjal loro sak gajihé, lan sikil tengené.+
26 Terus, dhèwèké njupuk roti tanpa ragi sing bentuké kaya gelang siji, roti sing bentuké kaya gelang lan dicampur minyak siji,+ lan roti tipis siji saka kranjang sing isiné roti tanpa ragi sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing ndhuwur sikil tengen lan potongan-potongan gajihé domba mau.
27 Bar kuwi, Musa ndèlèhké kuwi kabèh ing tlapak tangané Harun lan anak-anaké lanang, terus kuwi kabèh diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.
28 Musa njupuk kuwi saka tangané wong-wong kuwi lan ngobong kuwi ing mézbah ing ndhuwuré persembahan bakaran. Kuwi kabèh korban sing diwènèhké wektu nglantik imam sing ambuné nggawé Gusti Allah seneng. Kuwi persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah.
29 Terus, Musa njupuk dhadhané domba kuwi lan diayun-ayun ing ngarepé Yéhuwah dadi persembahan sing diayun-ayun.+ Dhadhané domba sing dikorbanké wektu nglantik imam kuwi dadi jatahé Musa kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+
30 Musa njupuk sebagéan minyak suci+ lan sebagéan getih sing ana ing mézbah, terus nyipratké kuwi marang Harun, anak-anaké lanang, lan klambiné wong-wong kuwi. Nganggo cara kuwi, Harun, anak-anaké lanang,+ lan klambiné wong-wong kuwi digawé suci.*+
31 Musa kandha marang Harun lan anak-anaké lanang, ”Godhogen+ daging domba kuwi ing lawangé kémah pertemuan. Terus, panganen daging kuwi ing kana karo roti sing ana ing kranjang sing dienggo pas pelantikan merga Gusti Allah mréntahké aku, ’Kuwi kudu dipangan Harun lan anak-anaké lanang.’+
32 Sisa daging utawa roti kudu diobong nganti entèk.+
33 Kowé kudu tetep ana ing cedhak lawangé kémah pertemuan pitung dina suwéné nganti pelantikanmu rampung merga butuh wektu pitung dina kanggo nglantik kowé dadi imam.+
34 Yéhuwah mréntahké awaké dhéwé nindakké kabèh sing wis awaké dhéwé tindakké dina iki bèn dosa-dosamu diapura.+
35 Kowé kudu tetep ana ing lawangé kémah pertemuan awan lan bengi pitung dina suwéné,+ lan kowé kudu nindakké kewajibanmu marang Yéhuwah+ bèn kowé ora mati. Kuwi sing dipréntahké marang aku.”
36 Harun lan anak-anaké lanang nindakké kabèh sing wis dipréntahké Yéhuwah marang Musa.
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”Celuken”.
^ Mungkin Musa ngongkon wong-wong kuwi ngresiki awaké nganggo banyu.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Maksudé, jubah sing ora ana lengené sing dienggo ing njeroné éfod.
^ Iki tutup sirah saka kain sing dienggo imam agung.
^ Utawa ”tandha suci sing nduduhké nèk Harun ngabdi marang Gusti Allah; mahkota sing suci”.
^ Lit.: ”lan nglantik”.
^ Iki tutup sirah saka kain sing digubedké ing sirahé para imam. Bentuk serban iki béda karo serbané imam agung.
^ Utawa ”gajih sing ana ing sekitaré ginjal”.
^ Maksudé, saka dhengkul nganti pergelangan sikil.
^ Utawa ”dipisahké kanggo Gusti Allah”.