Ibrani 6:1-20
6 Saiki, merga awaké dhéwé wis percaya karo ajaran soal Kristus sing pertama kali+ awaké dhéwé sinaoni, ayo terus ngupaya dadi wong sing déwasa.+ Aja bali manèh marang ajaran sing pertama kali awaké dhéwé sinaoni, yaiku ajaran soal mertobat saka tumindak sing ora ana gunané, soal iman marang Gusti Allah,
2 soal baptisan, soal ndèlèhké tangan ing ndhuwur sirahé wong,+ soal wong mati sing diuripké manèh,+ utawa soal hukuman kanggo saklawasé.
3 Awaké dhéwé bakal terus ngupaya dadi wong sing déwasa nèk kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah.
4 Ana wong-wong sing wis nolak ajaran sing bener, lan ora ana sing isa mbantu wong-wong kuwi mertobat. Wong-wong kuwi wis dipadhangi+ nganggo ajaran sing bener, wis nampa anugrah saka swarga, wis nampa roh suci,
5 wis nampa omongané Gusti Allah sing apik, lan wis ndelok berkah-berkah* sing bakal ditampa ing jaman* sukmbèn.
6 Ning, wong-wong kuwi+ ora mungkin isa dibantu bèn mertobat, merga wong-wong kuwi wis maku manèh Anaké Gusti Allah ing cagak lan nggawé dhèwèké dirèmèhké wong akèh.+
7 Tanah nampa berkah saka Gusti Allah wektu tanah kuwi nyerep banyu udan lan ngasilké tanduran sing berguna kanggo wong sing nggarap tanah kuwi.
8 Ning, nèk tanah kuwi ngasilké semak berduri lan suket liar, tanah kuwi ora ana gunané, bakal dikutuk, lan akhiré diobong.
9 Sedulur-sedulur sing ditresnani, senajan aku ngomong kaya ngéné iki, aku yakin nèk kowé bakal nampa berkah sing luwih apik, lan aku ya yakin nèk kowé nindakké apa waé sing isa nggawé kowé dislametké Gusti Allah.
10 Gusti Allah kuwi adil. Dhèwèké ora bakal lali karo apa sing wis mbok tindakké lan karo katresnan sing mbok duduhké kanggo Dhèwèké lan jenengé.+ Kowé nduduhké kuwi wektu kowé terus nglayani wong-wong suci.
11 Ning, aku péngin saben wong ing antaramu tetep sregep kaya sing wis mbok tindakké saksuwéné iki, bèn nganti akhir+ kowé tetep yakin karo harapanmu.+
12 Aku ora péngin kowé dadi males.+ Ning, kowé kudu niru wong-wong sing nampa apa sing wis dijanjèkké merga nduwé iman lan sabar.
13 Wektu Gusti Allah nggawé janji marang Abraham, Gusti Allah sumpah demi Dhèwèké dhéwé, merga ora ana sing luwih unggul timbang Dhèwèké.+
14 Gusti Allah ngomong, ”Aku mesthi bakal mberkahi kowé lan nggawé keturunanmu dadi akèh banget.”+
15 Mula, sakwisé Abraham sabar, dhèwèké nampa janji kuwi.
16 Manungsa nggawé sumpah demi wong sing luwih unggul. Sumpah kuwi nggawé wong ora padu manèh, merga sumpah kuwi dadi jaminan nèk sing diomongké kuwi bener.+
17 Dadi, wektu Gusti Allah mutuské kanggo njelaské marang para ahli waris sing bakal nampa janji kuwi+ nèk tujuané ora bakal berubah, Gusti Allah nggawé sumpah sing dadi jaminan nèk sing diomongké kuwi bener.
18 Gusti Allah ora isa ngapusi, merga janji+ lan sumpahé ora isa diubah. Mula, liwat janji lan sumpahé kuwi, awaké dhéwé sing berlindung marang Gusti Allah isa terus nduwé harapan sing kuwat merga wis diwènèhi kekuwatan sing gedhé.
19 Harapan+ sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar. Harapan kuwi nggawé awaké dhéwé tetep kuwat lan yakin. Kuwi nuntun awaké dhéwé bèn isa mlebu ing mburiné kordhèn sing misahké ruangan ing bait.+
20 Wis ana wong sing mlebu mrono luwih dhisik kanggo kepentingané awaké dhéwé, yaiku Yésus.+ Dhèwèké wis dadi imam agung kaya Mèlkhizèdèk kanggo saklawasé.+