Yésaya 27:1-13

  • Yéhuwah matèni Lèwiatan (1)

  • Lagu soal Israèl sing kaya kebon anggur (2-13)

27  Wektu kuwi, Yéhuwah bakal nggunakké pedhangé sing landhep, gedhé, lan kuwat+Kanggo nyerang Lèwiatan,* ula sing mlakuné cepet banget. Dhèwèké bakal nyerang Lèwiatan, ula sing mlungker kuwi. Dhèwèké bakal matèni kéwan raksasa sing ana ing laut.   Wektu kuwi, kowé kudu nyanyi kanggo wong wédok kuwi,*”Kowé kebon anggur sing ngasilké akèh anggur.+   Aku, Yéhuwah, sing njaga kebon kuwi.+ Kebon kuwi terus Tak sirami+Lan Tak jaga awan lan bengi,Bèn ora ana sing ngrusak kebon kuwi.+   Aku ora nesu manèh.+ Nèk ana wong sing ndèlèhké suket lan semak berduri kanggo ngalangi Aku,Kuwi bakal Tak idak-idak lan Tak obong.   Mula, wong kuwi kudu berlindung marang Aku,Lan wong kuwi kudu ngupaya rukun karo Aku. Wong kuwi kudu ngupaya rukun karo Aku.”   Sukmbèn, Yakub bakal metu akaré,Israèl bakal ngembang lan metu tunasé,+Lan panèn sing dihasilké bakal ngebaki bumi.+   Ngapa kok dhèwèké digebugi pas dihukum? Ngapa kok dhèwèké dipatèni nganggo cara kaya ngono?   Njenengan bakal mbengok banter banget wektu ngusir lan nglawan wong wédok kuwi. Wektu ana angin saka wétan, Njenengan bakal nesu banget lan ngusir dhèwèké.+   Kesalahané Yakub bakal diapura+ Lan dosané bakal disingkirkéNèk dhèwèké ngremuk kabèh mézbah saka watuKaya ngremuk watu kapur nganti alus. Cagak suci* lan mézbah dupa ora bakal ana manèh.+ 10  Kutha sing ana bèntèngé ora bakal dienggoni manèh. Padhang rumput bakal ditinggal nganti dadi kaya padhang belantara.+ Anak sapi bakal mangan suket lan lèrèn ing kana,Lan bakal ngentèkké cabangé wit-witan.+ 11  Wektu cabang-cabangé garing,Wong-wong wédok bakal nugeli cabang-cabang kuwi,Terus didadèkké kayu bakar. Bangsa iki ora nduwé pemahaman.+ Kuwi sebabé Sing Nggawé bangsa kuwi ora bakal ngrasa mesakké. Sing Mbentuk bangsa kuwi ora bakal apikan.+ 12  Hé wong Israèl,+ Yéhuwah bakal ngumpulké kowé sing wis padha mencar ing Kali Éfrat tekan Wadi* Mesir,+ kaya wong sing nggebug-nggebug wit bèn buahé tiba lan ngumpulké buahé. 13  Wektu kuwi, bakal ana swara trompèt gedhé.+ Wong-wong sing wis arep mati ing Asiria+ lan sing mencar-mencar ing Mesir+ bakal ngibadah marang Yéhuwah ing gunung sing suci ing Yérusalèm.+

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé Israèl, sing dipadhakké kaya wong wédok lan kebon anggur.