PELAJARAN 30
Rahab Ngumpetké Mata-Mata
Ana mata-mata Israèl sing lunga ing kutha Yérikho. Wong loro kuwi nekani omahé Rahab. Raja Yérikho ngerti soal kuwi. Mula, dhèwèké ngongkon prajurité nekani omahé Rahab. Rahab ngumpetké mata-mata loro kuwi ing atap. Tapi, dhèwèké ngomong karo para prajurit nèk mata-mata loro kuwi wis lunga. Terus, Rahab ngomong karo mata-mata loro kuwi, ’Aku bakal mbantu kowé merga aku ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi bangsamu lan bangsamu bakal ngrebut negri iki. Tulung, mengko slametké aku lan keluargaku, ya.’
Wong loro kuwi njawab, ’Aku janji nèk kowé lan keluargamu bakal slamet. Tapi, kowé kudu nalèkké tali abang ing jendhélamu.’
Terus, Rahab ngongkon wong loro kuwi mudhun saka jendhéla omahé nganggo tali. Wong loro kuwi lunga ing pegunungan lan ngumpet ing kono nganti telung dina. Bar kuwi, wong loro mau bali kanggo nemoni Yosua. Bangsa Israèl akhiré nyabrang Kali Yordan lan siap-siap nyerang negri kuwi. Yérikho kuwi kutha pertama sing bakal direbut. Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl ngubengi kutha kuwi
sedina pisan. Kuwi ditindakké nganti nem dina. Tapi, ing dina kepitu, bangsa Israèl ngubengi kutha kuwi nganti ping pitu. Terus, para imam niup trompèté. Para prajurit ya mbengok sak banter-banteré. Akhiré, témbok kuthané hancur. Tapi, omahé Rahab sing ana ing témbok kuwi ora hancur. Rahab lan keluargané slamet merga percaya karo Yéhuwah.”Semono uga Rahab . . . dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis nampa para utusan kanthi ramah lan mbantu para utusan kuwi lunga liwat dalan liya.”—Yakobus 2:25